Kaca:Wasis Maca 6.pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-7-

Wm -6-

Thomas Alva Edison


 Thomas Alva Edison misuwur sadonya amarga bisa nemokake lampu listrik. Iku kedadeyan dhek sasi Oktober 1879. Nemokake lampu listrik iku piye ta tegase ?

 Mardi nemu dhuwit ing ratan. Minem bisa nemokake ali-aline ibune sing tiba ing suketan. Apa Edison nemokake lampu listrik padha karo Minem nemokakae ali-aline ibune ? Mesthine ora.

 Edison ahli ilmu bab listrik, kepingin bisa nggawe lampu sing murube ora marga diiseni lenga, nanging bisa murub marga dayane utawa kekuwatane setrum listrik. Mulane banjur cancut taliwanda karo pembantune, jajal-jajal, nyoba-nyoba gawe lampu listrik.

 Sajrone rong taun olehe nganakake coban-coban nganti ping 3.000. Awan, bengi terus-terusan. Dicritakake, Edison dhewe kadhang-kadhang nganti lali mangan, lan lali turu. Edison wis prasetya, sajrone 2 taun kudu wis ketemu.

 Dadi nemokake ing kene tegese bisa nggawe, bisa nyipta barang anyar kang maune durung ana. Lan nyatane, bisane ditemokake iku sawise terus-terusan mikir. Anggone mikir lan nyoba-nyoba iku suwene nganti 730 dina luwih.

 Dicritakake, nalikane lampu coban bisa mengangah yaiku nalika tanggal 21 Oktober 1879 bengi, Edison lan pembantu-pembantune ndomblong. Ndheprok nyawang kasil karyane. Bungah, gumun,