Kaca:Wasis Maca 6.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-6-

 Wadhuk raksasa Kali Asahan ya Tlaga Toba iku kena diarani wadhuk raksasa kang gedhe banget. Awit jembare 1100 km2, dhuwure 905 meter.

 Tlaga Toba iku banyune tetep akeh. Dadi setaun muput mesin-mesin listrik kang digerakake dening banyune Kali Asahan bakal mubeng terus, non stop, tanpa leren.

 Kali Asahan iku njebol "Bukit Barisan," banjur mili ngalor-ngetan. Anjloge saka pegunungan Bukit Barisan iku nganakake grojogan sing dhuwure 200 meter, yaiku grojogan Sigura-sigura. Ana grojogan liyane maneh, yaiku grojogan Tangga, kang dhuwure 150 meter. Iya grojogan iki kang bisa nganakake kekuwatan listrik.

 Asile kekuwatan listrik 3.200 yuta KWH. Sing ¾ bakal dienggo nggerakake pabrik alumunium kang arep dibangun ing sacedhake pelabuhan Belawan.

 Sing seprapat, yaiku 800 yuta Kilo Watt Hour kanggo madhangi Sumatra Lor wis turah.

 Pembangunan mesin listrik iku ditindakake dening perusahaan Jepang sing gedhe. Ragade 80 yuta dollar AS. Wiwite mbangun taun 1972, rampunge taun 1977.

 Sawise Kali Brantas lan kali Asahan, kali-kali gedhe liyane kaya: kali Mahakam lan kali Kapuas mesthi ya bakal oleh giliran.

 ----=oOo=----