Kaca:Wasis Maca 6.pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-39-

Wm .6.

ingkang Sinuwun Paku Buwana kaping VII. Panjenengane Nata kang ambek Pinandhita. Ing taun 1844 Sang Prabu karsa misuda Bagus Burham dadi Kliwon Carik ngiras dadi Pujangga Kraton, kapatedhan sesebutan R. Ng. Ranggawarsita.

 R. Ng. Ranggawarsita saya suwe saya misuwur asmane marga saka awas paningale.
Bisa maca kahanan kang durung kelakon. Ngarang buku jangka warna-warna, Kayata : Kalatidha, Jakalodhang, Sabdajati, Wedhatama-piningit lan sapiturute. Ngarang carita kuna kanggo nuntuni watak budi luhur, kayata : Pustaka Raja Purwa, Cemporet lan sapanunggalane.

 Kacarita ing sawijining dina ana manuk pagak mencok ana wuwungan Kraton karo ngalup tanpa leren : gaok, gaok, ga.....ok, ....ok.....

 Sang Prabu banget eram ing panggalih, dene ana gagak ngalup sing nyalawadi. Apa ana ngalamat sing ora becik tumrap marang Kraton.

 Sang Prabu banjur utusan Mantri Gandhek, nimbali Kaliwon Pujangga R. Ng. Ranggawarsita. Mantri Gandhek banjur mangkat. Ora antara suwe Mantri Gandhek bali ngadhep Sang Prabu, sarta munjuk atur, yen ki Pujangga matur sendika. Mung wae sarehne panganggo prabot pasowanan ora ana, dadi durung bisa marak.

 Sang Prabu mesem sarta dhawuh : ”Hm, mentas bae ingsun patedhani sandhangan sapangadeg. Kena apa saiki wis ora ana ?”

 Mantri Gandhek munjuk : ”Nuwun Gusti, bab punika ugi sampun kawula welehaken. Nanging Ki Pujangga nerangaken, bilih sadaya panganggenipun telas kangge dedana tiyang kecingkrangan.”

 Dhawuhe Sang Prabu : ”Iya, iya ..... ingsun wis mangerti kabeh. Pancen kakang Rangga wong becik atine. Yen tetulung nganti ora ngelingi kemlaratane dhewe. Wis bocah Gandhek, saiki baliya maneh nimbali kakang Rangga. Sarta nggawaa panganggo sapangadeg,”

 Mantri Gandhek tumuli mangkat kanthi nggawa panganggo sapangadeg, Reroncene laku ora kacarita. Enggale carita R. Ng. Ranggawarsita wis marak ing ngarsane Sang Prabu, Lan banjur tampa dhawuh bab kaanane manuk gagak kang muni ngalup tanpa leren.