Kaca:Wasis Maca 6.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-35 -

Wm -6-

14. Koperasi (tutuge)

 "Para pamiyarsa, makaten koperasinipun putra-putra panjenengan satleraman. Putra-putra panjenengan salebetipun nem taun dipun-gladhi, dipun-kulinakaken ngregeni yatra. Tegesipun tinimbang tumbas buku seratan regi Rp. 15,—ing wande rak aluwung dipun-tumbasaken_ing koperasi sekolahan, reginipun namung Rp. 13,-. Tur.taksih angsal bathi Rp.1,- dipun-simpen ing koperasi. Ing tutupan taun dipun-sukakaken wangsul, sareng kaliyan celenganipun. Makaten punika ngengingi sedaya barang ingkang dipun-sade. Langkung mirah tinimbang ing toko, tur taksih angsal bageyan bathinipun.

 Putra-putra kula Hartana lan Sutarti, pangarsa lan wakilipun ingkang ngrangkep dados juru kilak, ngertos dhateng reregenipun barang-barang.

 Nanging Hartana lan Sutarti ngertos ugi, manawi anggėnipun kilakan boten mawi yatranipun piyambak, Nanging yatranipun kanca-kancanipun sasekolahan ingkang cacahipun 300. Saben lare nyelengi wonten ing koperasi Rp. 50,-.

 Piyambakipun boten purun lan boten wantun mbathi, lajeng dipun pek piyambak. Amargi makaten punika sami kaliyan nyolong. Koperasi tegesipun nyambut damel sesarengan, adhedhasar sami pitadosipun. Ajak-ajakan nyuda reginipun barang-barang ingkang dipun betahaken saben dinten. Sarana tumbas sesarengan