Kaca:Wasis Maca 6.pdf/35

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-33 -

Wm -6-

ringi wejangan dhateng sadaya lare-lare kaliyan tiyang sepuh ing wilayah Sukaraja ngriki ingkang sami gancrung dhateng koperasi, Wasana sumangga !

 Bapak Pengawas jumeneng, ngendikane: "Anak-anak Kula sadaya, ibu-ibu, bapak-bapak warga POM, bapak Penilik, bapak-bapak Guru SD, Bapak Kepala Inspeksi Kabupaten ingkang kula kurmati. Kula matur nuwun dene panjenengan sampun sami kersa ngempal ing bangsal ngriki perlu mbagekaken dhateng kula ing Sukamaju.

 Dhateng kula ing SD Sukamaju pancenipun namung badhe ningali kemajenganipun koperasi ingkang dipun tindakaken dening anak-anak kula murid-murid SD. Jebilipun Bapak Penilik mundhut supados kula ugi nyaosi ular-ular dhateng sedaya warga POM.

 Kula malah bingah lan matur nuwun dhateng Bapak Penilik. Amargi kula lajêng saged nerangaken dhateng bebrayan, bab wigatosipun ngawontenaken koperasi dipun wiwiti wonten ing SD. Keparenga kula wiwiti. Kula tujokaken dhateng lare-lare.

 Putra-putraku kabeh, Bapak mau wis merlokake mriksa lan niti lemari loro kang ana ing kantor. Sijine lemari “Induk.” Sijine maneh lemari “Harian.”

Bapak seneng banget ngerti carane nata buku tulis, buku gambar, potlot, bolpoin, garisan, setip, potlot gambar, notes lan liya-liyane. Bapak bisa rikat ngetung cacahe tumpukan buku tulis, marga olehe numpuk nglima-nglima, diselang-seling biru putih, geger, weteng. Tak cocokake karo "buku Induk” cacahe bener.

 lehe nggarap buku Induk setiti, tulisane resik lan apik. Sabendina Senen ajeg ditutup, ditanda tangani dening pemegang lemari Induk, pembantune, Ketua lan diparingi parap pak Kepala Sekolah.

 Lemarine Harian olehe nata uga rapi. Bukune Harian saben dina ditutup. Seminggu sepisan difutup minggon, sawise entuk jogjogan barang saka lemari Induk. Uga tulisane sing padha nyekel lemari Harian resik lan apik.

 Saben minggu buku Harian uga ajeg ditanda tangani dening Pengurus lan diparingi parap bapak Kepala Sekolah.

 Anggone nyatheti mlebu metune dhuwit uga teliti banget, Sa-