Kaca:Wasis Maca 6.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
-28-

 Jam 4.42 astronot loro mau nancepake gendera Amerika saka plastik ing rembulan.

 Kajaba nglumpukake sawernaning watu, lemah lan bledug kang diwadhahi rapet ing kothak, astronot-astronot mau uga masang alat-alat ilmiah warna-warna kanggo ngukur panase srengenge, lakuning angin, oreging rembulan lan liya-liyane maneh.

 Sawise ngaso setengah jam, Eagle diuripake mesine. Jlagrag lan suthang-suthange Eagle didadekake pancadan. Gembunge Eagle bisa munggah ing gegana. Jlagrag lan suthange ditinggal.

 Eagle munggah ndedel nyedhaki CM kang ngubengi rembulan kaping 14 karo ngenteni tekane Eagle. Sawise Eagle bisa nyedhak, Collins ngati-ati banget olehe nggandhengake cucuke karo Eagle.

EDWIN ALDRIN
MIKHAEL COLLINS

 Sawise kelakon kanthi slamet, Armstrong lan Aldrin enggal-enggal mbrangkang mlebu ing CM nggawa kabeh oleh-olehe saka rembulan.

 sawise astronot-astronot bisa kumpul maneh, lan lungguh kepenak ing kursine dhewe-dhewe, Eagle diculake. Ya eman banget, nanging tiwas ngebot-eboti lan bisa kobong sawayah-wayah.

 Bongkote CM uga diculake saka CM. Marga bahan-bakare wis entek, sawise telung dina nyurung CM. saka rembulan menyang jagad.