Kaca:Wasis Maca 6.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-25 -

Wm .6.

 Wadine, aja nganti ana gogrogan pangan sing ngleyang ing ruangan, amarga bisa gawe rusake alat pirang-pirang sing ana kono.

 Isih ana gaweyan sing angel kanggo Armstrong kang ngemudeni “Pesawat Komando” (CM). Buntute isih digandheng karo CM “Pesawat Pendarat,” lan ing burine isih ana roket III.

 Cucuke “Pesawat Komando” kudu diwalik lan digandhengake ing “Pesawat Pendarat” (L.E.M). Saka CM “Pesawat Pendarat” lan Roket III kang manggon ing buntuté Pesawat Pendarat banjur nglayang-layang.

 Aldrin ngrewangi Armstrong metu saka cendhela CM, nggawa tali kang gandheng karo CM. Banjur ditalekake ing “Pesawat Pendarat.” Aldrin isih tetep nggoceki “Pesawat Pendarat.”



 Armstrong muter cucuke CM. Diadhepake menyang pesawat pendarat kang bisa ditarik alon-alon. Banjur digandheng karo cucuke CM. Sawise nemplek kenceng, Aldrin terus mlebu CM manèh liwat cendhela.

 Roket III banjur diculake saka “Pesawat Pendarat” (LEM). Saiki sing nuju menyang rembulan kari CM lan "Pesawat Pendarat” manggon ing cucuke CM.

 Nalika Aldrin nglayang marani "Pesawat Pendarat” mau, me-