Kaca:Wasis Maca 6.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-24-


 Apollo 11 iku satemene uga dikendhaleni lan diprentah saka bumi, yaiku saka Pusat Komando ing Houston (Juston) Teras ing Amerika. Sawise dhuwure 186 km saka bumi ana prentah saka Houston sarana siaran radio, kang bisa ditampa ing Apollo 11, sing unine “Maju.”
Mesine Apollo dhewe wiwit diuripake. Apollo 11 banjur wiwit marani rembulan kang bakale 3 dina suwene.

 Pusat Komando ing Houston isine kebak alat-alat televisi lan radio kang namipa lan ngirimake gambar, uga ngirimake komando saka Pusat Komando menyang Apollo 11 bola-bali.

 Kajaba iku isih ana alat-alat listrik elektronik pirang-pirang kanggo ngukur warna-warna lan melu ngendhalekake Apollo 11. Bareng wis adoh banget saka bumi, Apollo 11. wis ucul babar pisan saka daya panggandhenge bumi. Sajroning nglayang utawa mabur menyang rembulan mau, astronot-astronot ngalami lelakon kang lucu-lucu. Para astronot lan kabeh barang ing ruangan kang ora dicencang padha ngleyang-ngleyang marga wis tanpa bobot.

 Pangane diwadhahi gendul plastik. Kaya wadhah tapel gigi, nganggo tutup uliran. Yen mangan kari nyedot bagian cucuke gendul lan mejet bongkote kaya mejet tapel gigi.