Kaca:Wasis Maca 6.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-23-

Wm -6-

kenedi). Padha ndeleng mangkate Apollo 11, yaiku kapal ruang angkasa sepisanan kang bisa kasil nggawa manungsa menyang rembulan. Apollo 11 nggawa astronot 3 yaiku: Neil A. Armstrong (pemimpine), Edwin E. Aldrin lan Michael Collins.

 Telung jam sadurunge Saturnus V disumed, astronot-astronot mau wis munggah ing kamar putih. Panggonane kamar putih ing menara tingkatan dhuwur dhewe. Ing kono dianggoni penganggo ruang angkasa kang putih warnane. Sarwa rapet, rumit lan kebak piranti ”penyelamat” warna-warna.

 Saka kamar putih mlebu ing ”Comando Module; yaiku kapale ruang angkasa sing arep nggawa astronot-astronot menyang rembulan.


 Loro setengah menit sawise Apollo 11 mumbul, dhuwure wis 60 km saka bumi.

 Roket 1 wis entek bahan bakare, ucul dhewe saka Roket II, tiba ngleyang menyang bumi. Roket II wiwit murub, mbacutake nyurung Apollo 11.

 Sangang menit sawise mangkat saka bumi, Apollo 11 dhuwure wis 177 km. Roket II ucul dhewe saka Roket III. Roket III mbacutake gaweyane Roket II, sing diuripake mung mesin pendorong I, nyurung Apollo 11 tekan 186 km sandhuwure bumi.