Kaca:Wasis Maca 6.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-19-

Wm -6-

 Kaya apa rasane atine wong-wong kang padha krungu prentahe Kapten Wilson mau, Yen ora beja, ya mesthi katut kerem bareng karo kapal iku.

 Kapal Empire Windrush mau pinuju ngangkut tentara 1498 saka Timur Jauh. Jumlah semono mau sing 125 wanita, 87 bocah, lan 17 wong cacat.

 Sekocine penolong mung ana 12. Ora cukup kanggo nulungi penumpang samono kehe mau. Ewa samono kahanane ora ribut. Ora ana sing rebutan, ora dhisik dhisikan anggone padha mlebu menyang prau sekoci.

 Pemimpine tentara, Kolonel Robert Scott ngumumake nganggo corong kanthi sareh: “Tentara anak buahku kabeh ! Kita kabeh kudu tundhuk marang Disiplin Birkenhead. Tetep ngadeg jejeg ing gladhag. Mlebune ing prau sekoci penolong ngenteni giliran. Wanita-wanita lan bocah-bocah didhisikake !”

 Kelasi-kelasi lan para perwira kapal tetep nindakake kuwajibane dhewe-dhewe. Ora ninggalake papan tugase kang wis dadi tanggungane, senadyan rasane kaya ana neraka. Amarga kukus kandel lan panasing geni.

 Jam 4.20 kabeh wanita, bocah lan sing padha cacat wis oleh panggonan ing prau sekoci.

 Salah sijining perwira takon marang Kolonel Scott : "Kados pundi anggenipun nata giliran, numpak sekoci selajengipun?”

 Wangsulane Pemimpin : “Tetep kados disiplin tentara. Ingkang nem-nem langkung rumiyin.”

 Para perwira milihi sing enom-enom ing barisan. Yen ana sing nolak, lowongan mau ora dadi rebutan. Liyane tetep ngadeg jejeg, nganti tiba giliran dipilih.

 Bareng kabeh sekoci wis kebak, banjur dikerek mudhun alon-alon, Ora ana sing nggoling utawa miring. Saben sekoci dikemudheni kelasi loro.

 Jam 7.30 kabeh sekoci wis mudhun ing segara, Sing keri ing kapal yaiku tentara 300, kabeh kelasi lan perwira-perwirane.

 Kapten kapal Wilson, kang klambine rowak-rawek, lan sepatune jebol marga kobong, isih mriksa sepisan maneh, apa ana sing isih keri ing kamar-kamaring kapal.

 Kapten Wilson banjur mimpin kelasi-kelasine, nguncal-uncalake