Kaca:Wasis Maca 6.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-15-

Wm -6-

6. Raden Ajeng Kartini

 Nalika sasi Juni 1966 aku nunggang bis saka Semarang menyang Jepara. Saka stanplat bis Jepara terus nunggang becak menyang pasanggrahan ing pinggir segara, cedhak kampung nelayan. Olehku nginep ing pasanggrahan mau pancen tak sengaja, arep ngematake alam kang endah, ing pesisir Jepara.

 Sawise ngaso sedhela, adus, banjur lungguhan ing Taman Kartini, patamanan ing ngarep pasanggrahan.

 Sinambi ngombe es limun, aku nyawang tekane ombak gedhe-cilik mawantu-wantu. Aku setengah ngalamun.

 Swarane ombak lan siliring angin marakake aku liyer-liyer ngantuk. Rumangsaku ombak segara mau nywara : Jepa-ra, Je-pa-ra, Je-pa-ra, Karti-ni, Kar-ti-ni,.........

 Mak thekluk, aku gragapan tangi. Ndeleng jam wis wayah jam 5 sore. Aku ngeling-eling swara ing impenku. Pancen cocok karo angen-angenku.

 Jepara iku kondhang amarga RA Kartini. Jepara-Kartini pancen dadi loro-loroning atunggal kang misuwur sa-Indonesia.

 Tekaku ing Jepara, amarga aku oleh uleman ngrungokake ceramah ing pendhapa Kabupaten Jepara bab Pramuka lan Pembaharuan Pendidikan. Kang bakal sesorah nalika samana Bapak Inspektur Daerah Perwakilan Departemen P dan K.

 Senadyan wiwite sesorah jam 7 bengi, aku enggal mangkat, Amarga kepingin weruh pendhapa Kabupaten kang disebut-sebut ing buku ”Habis gelap terbitlah terang,” kang nyritakake gegayuhane RA Kartini.

 Tekaku ing Kabupaten lagi setengah enem, dadi isih padhang. Aku nyuwun palilah marang sing. jaga, arep ndeleng-ndeleng pendhapa Kabupaten sing bersejarah iku.

 Wangsulane sing jaga : ”Kok radi gasik rawuhipun, mangga sakersa manawi badhe mirsani.”