Kaca:Wasis Maca 6.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
-12-

wis ketara.

 Mangkono riwayate Thomas Alva Edison dhek isih enom. Ngancik umur 30 taun, wis nemokake telepon. Yaiku sawise 7 taun nemokake utawa nyempurnakake alat-alat telegrap.

 Nalika yuswa 75 taun, disuwuni paring wejangan kanggo cekelan urip para nom-noman. Dhawuhe mangkene :

 I. Yen ora wiwit sinau mikir nalika isih cilik, isih enom, nganti tuwa ya ora bakal bisa nyinau apa-apa.

 II. Urip iku nyambut gawe keras. Terus nggoleki wadining alam. Nganti ketemu lan ngerti, Yén wis ketemu banjur udinen bisane kawruh mau kena digunakake kanggo nyenengake uripe manungsa.

 III. Urip ing donya iku sing penting, dudu kasugihan kang dikumpulake nalika isih urip, Nanging sia pangAn marang umat manungsa.

 Thomas Alva Edison seda tanggal 2 Oktober taun 1931, yuswa 84 taun, peputra enem.

 ----=oOo=----
5. Ki Hajar Dewantara


 Tanggal 2 Mei ditetepake dening Pamarentah kita dadi Hari Pendidikan. Kersane Pamarentah saben taun nganakake pengetan Hari Pendidikan iku ngajak supaya bangsa Indonesia kersa melu menggalih bab pendidikan.

 Aja kok kabeh-kabeh dipasrahake marang Pamarentah. Banjur bapak-bapak lan ibu-ibu mung borong weruh becike thok.

 Ora ana warga negara Indonesia sing bisa nyelaki, yen pendidikan iku perlu lan penting. Gelem ora gelem kudu nyekolahake putra-putra-