Kaca:Wasis Maca 6.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-11 -

Wm -6-

Yen mangan ora akeh, turune sithik banget, Menawa ora nyambut gawe ya maca buku bab ilmu warna-warna. Sing disenengi banget bab listrik. Ewa samono nganti umur 60 taun prasasat ora tau lara, tetep waras,

 Ing antarane taun 1869 nganti taun 1910 alat-alat anyar kang ditemokake Thomas Alva Edison cacahe 1.328 warna.

 Sadurunge nemokake lampu listrik, wis nemokake telepon lan gramapon. Sawise nemokake listrik, isih nemokake sepur listrik lan gambar hidup utawa bioskup.

 Dhek cilik kepriye Edison iku ?

 Edison lair tanggal 11 Pebruari 1847 ing Milan, Amerika Tengah. Dheweke anak ragile keluarga Edison. Ibu Nancy Edison tresna banget marang Al, yakuwi undang-undangane Edison.

Bareng wis umur 3 taun lan bisa guneman, apa-apa ditakokake. Ibu lan Bapake nganti kesel mangsuli.

 Pitakone marang bapake : “Angin iku kok terus ngidid bae, geneya, Pak ?”

 Wangsulane bapake : “Embuh Al, aku ora ngerti.”

 Takon maneh : ”Bapak kok ora ngerti geneya, Pak ?”

Lan pitakon-pitakon liyane isih akeh banget. Bareng umur 5 taun arep disekolahake, dumadakan lara gabagen rada nemen. Anjalari Al rada suda prungon.

 Bareng umur 8 taun lagi sekolah.

Anggone mlebu sekolah lagi 3 sasi, wis emoh sekolah maneh. Ora seneng, amarga gurune ora tau gelem mangsuli yen disuwuhi priksawarna-warna. Saben dina mung dikon ngapalake bae.

 Mula banjur diwulang ibune dhewe ana ing omah. Ibu Nancy duwe ijazah guru. Al seneng diwulang ibune. Yen Al diwenehi buku, dikon maca, Al dikon ngudi kepriye bisane ngerti sing diwaca. Kudu sregep takon, Al ora tau dikon ngapalake.

 Umur 11 taun wis berdikari. Dodol panganan, buah-buahan lan koran. Kepingin duwe kaya dhewe, kang kena dienggo tuku buku-buku bab ilmu alam.

 Kang disenengi dhewe maca buku-buku bab listrik, lan nyoba-nyoba ilmu alam nganggo alat-alat lan bahan-bahan kimia.

 Umur 16 taun wis bisa gawe alat telegrap dhewe, kaya sing dienggo ing stasiun-stasiun kereta api.

Bakat dadi ahli nemokake alat-alat-anyar iku wiwit umur 12 taun