Menyang kontèn

Kaca:Wangsulan Pitaken-Pitaken Kitab Suci.pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Kados dene Qur’an mucalaken, Yesus punika tanpa dosa. Kadospundi manungsa saged gesang tanpa tumindak dosa sanadyan namung sepisan? Punika mokal. Kadospundi salajengipun Yesus nyampurnakaken punika? Yesus punika langkung saking manungsa, Yesus piyambak ngandika bilih Panjenenganipun punika dados satunggal kaliyan Gusti Allah (Yokhayan 10:30). Gusti Yesus mratelakaken Sariranipun minangka Allahing Toret (Yokhanan 8:58). Injil kanthi cetha mucalaken bilih Yesus punika Allah ingkang manjelma manungsa (Yokhanan 1:1, 14). Gusti Allah pirsa bilih kita sadaya sampun dosa lan awit saking punika boten saged lumebet ing Swarga. Allah pirsa bilih margi satunggalsatunggalipun kita saged kaapunten inggih punika utang dosa kita karuwat. Allah pirsa bilih namung Panjenenganipun ingkang saged ngluwari tanpa wates. Allah manjelma dados manungsa – Yesus Kristus – nilaraken gesang ingkang tanpa dosa (Sura 3:46; 6:85; 19:19), mucal ba-bab kasampurnan, lan seda tumrap kita, kangge ngluwari paukumaning dosa kita. Allah nindakaken punika awit Panjenenganipun ngasihi kita, awit Panjenenganipun ngersakaken nglampahi kalanggengan di Swarga sesarengan Panejenganipun.

Lajeng, punapa tegesipun punika tumrap panjenengan? Yesus kurban ingkang sampurna tumrap dosa kita. Allah nawekaken dhumateng kita sadaya pangapunten lan karahayon manawi kita purun klayan gampil nampeni peparingipun tumrap kita (Yokhanan 1:12), pitados Gusti Yesus dados Juruwilujeng ingkang masrahaken gesangipun tumrap kita – para mitranipun. Manawi panjenengan masrahaken kapitadosan panjenengan ing Gusti Yesus minangka Juruswilujeng panjenengan, panjenengan badhe pikantuk jaminan sakwetahipun saking gesang langgeng ing Swarga. Gusti Allah badhe paring pangapuntening dosa panjenengan, nyucekaken manah panjenengan, ngenggalaken roh panjenengan, maringi gesang kaluberan ing jagad, lan gesang langgeng ing jagad ing wekdal ngajeng. Kadospundi kita saged nolak kanugrahan ingkang endah punika? Kadospundi kita saged nyingkur Gusti Allah ingkang sampun ngasihi kita ngantos ngurbanaken Sasiranipun tumrap kita?

Manawi panjenengan boten yakin kaliyan punapa ingkang panjenengan pitadosi, kita ngaturi panjenengan ngucapaken pandonga dhumateng Gusti Allah punika; “Dhuh Gusti, mugi mitulungi kawula supados mangertos punapa ingkang leres. Mugi mitulungi kawula ningali ingkang lepat. Mugi mitulungi kawula supados mangertos pundi margi ingkang leres tumuju karahayon.” Gusti Allah badhe tansah nampeni pandonga. Manawi panjenengan kepengin nampeni Gusti Yesus dados Juruwilujeng panjenengan, matur kanthi prasaja dhumateng Gusti Allah, sacara lisan utawi sacara batos, sarta matur Panjenenganipun bilih panjenengan nampeni kanugrahan karahayon lumantar Yesus.

Manawi panjenengan kepengin ngaturaken pandonga, punika contonipun: “Dhuh Gusti Allah, maturnuwun awit sampun ngasihi kawula. Maturnuwun sampun ngurbanaken sarira Paduka tumrap kawula. Maturnuwun sampun sumadya paring pangapunten lan karahayon. Kawula nampeni kanugrahan karahayon lumantar Gusti Yesus. Kawula pitados Gusti Yesus minangka Juruwilujeng kawula. Kawula ngasihi Paduka Gusti sarta masrahaken badan kawula dhumateng Paduka. Amin!”

Punapa panjenengan sampun damel pancasan tumprap Kristus sarana punapa ingkang sampun panjenengan waos? Menawi sampun, sumangga klik wonten ing seratan “Kula sampun nampi Kristus dinten punika” ing ngandap.

Kula sampun nampi Kristus dinten punika

Wangsul ing lembaran basa Jawi

Kula satunggaling Muslim, kenging punapa kula kepengin dados tiyang Kristen?