Pitaken: Kula satunggaling Muslim, kenging punapa kula kepengin dados tiyang Kristen?
Wangsulan: Mbokmenawi aspek ingkang paling ngremenaken saking sesambetan antawisipun Islam lan Kristen inggih punika punapa ingkang dipun cariyosaken Qur’an bab Yesus. Qur’an mratelakaken bilih Allah ngintunaken Yesus lan nyengkuyung Panjenengan-ipun sarana Roh Suci (Sura 2:87), bilih Allah mulyakaken Yesus (Sura 2:253), bilih Yesus punika sae bebudenipun lan tanpa dosa (Sura 3:46; 6:85; 19:19), bilih Yesus punika kawungokaken saking seda (Sura 19:33-34), bilih Allah ngutus Yesus mbangun satunggaling agama (Sura 42:13), sarta bilih Yesus kaangkat dhateng Swarga (Sura 4:157-158). Mila, tiyang Muslim ingkang saestu, leresipun ngulinakaken kaliyan piwucalipun Yesus sarta mituruti (Sura 3:48-49; 5:46).
Piwucalipun Gusti Yesus kacathet dening para sakabatipun, ingkang rinci sanget, ing salebeting Kitab Injil. Sura 5:111 mratelakaken bilih para sakabat kaparingan wahyu dening Gusti Allah supados pitados ing Gusti Yesus lan piwucalipun. Sura 61:6, 14 nyumuripi kekalihipun Yesus lan para sakabatipun minangka ingkang mbiyantu Allah. Minangka abdinipun Allah, para sakabatipun Yesus gadhah cathetan sacara leres lan rinci bab piwucalipun Gusti Yesus. Qur’an njurungi para tiyang Muslim supados ngugemi lan miturut dhateng kekalihipun Torat lan Injil (Sura 5:44-48). Manawi Yesus tanpa dosa, sadaya prakawis ingkang dipun wucalaken punika saestu leres. Manawi para sakabatipun Yesus punika abdinipun Gusti Allah, para sakabat kalawau gadhah cathetan bab piwucalipun Gusti Yesus sacara leres lan rinci.
Langkung Mohammad, Allah, ing salebeting Qur’an, njurungi tiyang Muslim supados sinau bab Injil. Allah boten paring dhawuh manawi Injil punika awon. Mila saking punika, salinaning Injil ing jamanipun Mohammad saged dipun pitados lan leres. Wonten kathah salinan Injil ingkang ngrumiyini jaman Mohmmad langkung 450 tahun. Sacara harafiah wonten ewon ayat saking Injil. Mbandingaken salinan paling kina, salinan saking jamaning Mohammad, lan salinan sasampunipun jamaning Mohammad – katingal cetha sanget bilih sadaya salinan Injil punika cocok sanget punapa ingkang dipun cariyosaken bab Gusti Yesus lan piwucalinpun. Saestu boten wonten bukti bilih Injil punika awon. Mila saking punika, kita saged mangertos kanthi yakin bilih sadaya ingkang dipun wucalaken dening Gusti Yesus punika leres, bilih piwucalipun kanthi rinci kacathet ing Injil, sarta bilih Allah sampun njagi kaleresaning Injil.
Punapa bab-bab ingkang kacathet ing Injil ngengingi Yesus? Ing Yokhanan 14:6, Yesus ngandika, “Aku iki dalane sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora ,etu ing Aku.” Gusti Yesus mucalaken bilih Panjenenganipun punika margi ingkang tumuju dhateng Gusti Allah. Ing Matius 20:19, Yesus ngandika bilih Panjenenganipun badhe kasalib, kasedani, lan badhe wungu saking seda ing tigang dintenipun. Injil kanthi cetha nyathet punika wau minangka kadadosan saleresipun ingkang sampun kanyana dening Gusti Yesus (Matius bab 27-28, Markus bab 15-16, Lukas bab 23-24, Yokhanan bab 19-21). Kenging punapa Yesus, nabining Allah ingkang agung, marengaken Sariranipun kasedani? Kenging punapa Allah marengaken punika? Gusti Yesus ngandika bilih boten wonten katresnan ingkang langkung ageng katimbang ngurban-aken gesang panjenengan tumrap mitra panjenengan (Yokhanan 15:13). Yokhanan 3:16 nyariosaken bilih Gusti Allah ngasihi kita ngantos maringaken Yesus dados kurban tumrap kita.
Kenging punapa kita perlu Yesus ngurbanaken gesangipun tumrap kita? Punika kunci bentenipun antawisipun Islam lan Kristen. Islam mucal bilih Allah ngadili kita adedasar dhateng punapa tumindak sae kita langkung kathah saking tumindak awon kita. Kakristenan mucal bilih boten wonten sok sintena ingkang saged nglintoni tumindak awonipun kaliyan tumindak ingkang sae. Sanadyan manawi saged nglintoni kathah tumindak awon kaliyan kathah tumindak sae, Allah punika mutlak lan sampurna kasucianipun satemah Panje-nenganipun boten saged marengaken sinten kemawon lumebet ing Swarga ingkang sampun tumindak sanadyan namung dosa tunggal. Allah, sampurna lan suci, boten saged mareng-aken punapa kemawon ingkang kirang sampurna lumebet ing Swarga. Bab punika nilaraken kita sadaya wonten ing margi ingkang tumuju ing kalanggengan ing neraka. Tuntutan kasucianipun Allah satunggaling paukuman ingkang langgeng tumrap dosa. Awit saking punika Yesus kedah dados kurban tumrap kita.