kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng. Sabab Gusti anggone ngutus Kang Putra ngrawuhi jagad iku ora supaya ngadili marang jagad, nanging supaya mitulungi rahayu marang jagad.”
Pangapunten – gampil sanget?
Leres, gampil sanget. Panjenengan mboten saged nindakaken punapa-punapa kangge ngupados pangapunten. Panjenengan mboten saged tumbas pangapunten saking Allah. Panjenengan namung saged nampeni, kalayan kapitadosan, saking sih rahmat lan kamirahanipun Gusti. Menawi panjenengan sumadia nampi Yesus Kristus dados Juru wilujeng panjenengan lan nampeni pangapunten saking Gusti, panjenengan saged ndedonga kalayan pandonga punika. Pandonga punika, utawi pandonga sanesipun, mboten bade milujengaken panjenengan. Namung pitados dhumateng Yesus Kristus ingkang nyawisaken pangapuntening dosa. Pandonga punika namung cara kangge mujudaken kapitadosan panjenengan dhumateng Gusti lan kangge ngaturaken panuwun dhumateng Panjenenganipun karana pangapunten ingkang dipun paringaken panjenengan. “Duh Gusti, kawula rumaos bilih kawula sampun dosa dhumateng Paduka lan kawula pantes kaukum. Nanging Yesus sampun nanggel paukuman ingkang kedahipun kawula tanggel saengga kalayan kapitadosan dhumateng Panjenenganipun kawula saged kaapunten. Kawula mratobat saking dosa-dosa kawula lan pitados dhumateng Panjenenganipin kangge kawilujengan kawula. Matur nuwun dene Paduka sampun paring pangapunten! Amin!
Punapo panjenengan sampun damel pancasan tumprap Kristus sarana punapa ingkang sampun panjenengan waos? Menawi sampun, sumangga klik wonten ing seratan “Kula sampun nampi Kristus dinten punika” ing ngandap.
Wangsul ing lembaran basa Jawi
Kados pundi kulo nampi pangapunten saking Gusti?