Menyang kontèn

Kaca:Wangsulan Pitaken-Pitaken Kitab Suci.pdf/68

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Pitaken: Kenging punapa kula boten kaparengaken nglalu?

Wangsulan: Manah kula tumuju dhateng tiyang ingkang badhe mungkasi gesangipun piyambak sarana nglalu. Manawi panjenengan kalebet salah satunggal saking antawisipun, mila bab punika nglebetaken kathah pangraos ingkang boten gadhah pangajeng-ajeng lan rumaos boten migunani. Mbokmanawi panjenengan rumaos kadosdene panjenengan wonten ing luweng ingkang paling lebet, lan panjenengan mangu-mangu wonten satunggal sunaring pangajeng-ajeng ingkang saged mbekta bab ingkang langkung sae. Boten wonten sok sintena ingkang katingal migatosaken utawi mangertos saking pundi asal-usul panjenengan. Punapa gesang punika boten namung ingkang migunani kemawon .... utawi pancen makaten?

Ngirangi pangraosing batos (emosi) punika dipun raosaken dening tiyang kathah ing wekdal ingkang sami utawi sanesipun. Pitaken-pitaken ingkang kabekta ing batos kula nalika kula wonten ing luwenging batos (emosi) inggih punika, “Punapa punika saged dados karsanipun Gusti Allah, ingkang nitahaken kula?” “Punapa Gusti Allah punika sakalangkung alit kangge mitulungi kula?” “Punapa prakawis kula sakalangkung ageng tumrap Panjenenganipun?”

Kula remen nyariosaken dhumateng panjenengan bilih manawi panjenengan badhe mendhet sawetawis wekdal kangge nenimbang supados Gusti Allah saestu leres dados Gusti Allah ing gesang panjenengan sapunika, Panjenenganipun badhe mbuktekaken kadospundi saleresipun agenging Panjenenganipun punika! “Amarga tumraping Allah ora ana barang kang mokal” (Lukas 1:37). Mbokmanawi cacat saking tatu kapengker sampun ngangsalaken sakalangkung ageng tumrap raos panolak utawi katilaraken. Punika saged mbekta dhateng raos mesakaken dhateng badan piyambak, kanepson, kasengitan, pikiranpikiran utawi raos mendhem sengit, raos kuwatir ingkang boten sehat, lan sapanunggalanipun, ingkang nyebabaken prakawis-prakawis ing salebeting sesambetan panjenengan ingkang paling wigatos. Kadospundi kemawon, nglalu punika namung badhe mbekta dhateng karisakan tumrap nresnani tiyang ingkang nate panjenengan sakiti; tatuning pangraos ingkang kedah kabagi kaliyan sisaning gesangipun.

Kenging punapa panjenengan boten tumindak nglalu? Kanca, boten dados punapa sanajan kathah bab-bab awon ing salebeting gesang panjenengan, wonten Gusti Allah ingkang ngasihi ingkang ngantos-antos panjenengan supados Panjenenganipun mimpin panjenengan nglangkungi kawontenan semplahing manah panjenengan, lan medal dhateng pepadhanging Gusti Allah ingkang elok sanget. Panjenenganipun punika pangajeng-ajeng panjenengan ingkang saleresipun. Asmanipun Gusti Yesus.

Yesus punika, Putranipun Allah ingkang tanpa dosa, ingkang tepang panjenengan ingkang wonten ing panolakan lan pangina ing salebeting wekdal panjenengan. Nabi Yesaya, nyerat bab Panjenenganipun, “Panjenengane iku thukul kaya trubusan ana ing ngarsaning Yehuwah, tuwin kaya semen saka ing lemah garing. Ora bagus ing warna lan ora kagungan kaendahan kang njalari kita banjur padha nyawang, sarta ora kagungan rupi kang menginake kita. Panjenengane dianggep asor lan disingkiri ing wong, sawijining priya kang sugenge kebak kasangsaran sarta kang kulina nandhang gerah; banget anggone karemehaken nganti wong padha nutupi raine ana ing ngarsane tuwin sanadyan tumrap kita Panjenengane iku ya ora klebu etungan. Mangka sanyatane lelara kita kang disanggi lan kasangsaran kita kang dirembat, ewasamono kita padha ngira Panjenengane iku kena ing ipat-ipat kagebag tuwin katindhes dening Gusti Allah. Mangka Panjenengane iku sinudukan marga saka anggon kita padha mbalela, Panjenengane karemuk marga saka piala kita; ganjaran paukuman kang nekakake karahayon tumrap kita iku kadhawahake ing Panjenengane, sarta marta saka bilur-bilure kita banjur padha dadi waras. Kita padha nglambrang kaya wedhus, dhewe-dhewe kang kita ener, ewadene Pangerang Yehuwah nempahake sakehing duraka kita marang Panjenengane” (Yesaya 53:2-6).

Kanca, sadaya punika kapikul dening Yesus Kristus supados panjenengan pikantuk pangapuntening sadaya dosa panjenengan! Sapinten kemawon awrating kalepatan ingkang panjenengan sanggi ing gesang panjenengan, mangertosa bilih Panjenenganipun badhe paring pangapunten dhateng panjenengan manawi panjenengan sumlondhoh ing manah nggetuni dosa (wangsul saking dosa panjenengan, tumuju dhateng Gusti). “Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsun, nuli Ingsun bakal mitulungi sira lan sira bakal ngluhurake Ingsun” (Jabur 50:15). Boten wonten prakawis ingkang sampun nate