Kaca iki wis dikorèksi
telepon utawi pepanggihan lan rerembagan sesarengan kadospundi anggenipun sami tumindak ing salebeting lelampahaning kakristenanipun, kadospundi manawi sami gadhah sesanggen, lan sapanunggalanipun sarta sami ndongakaken satunggal lan satunggalipun lan tanggeljawab salebeting nindakaken Pangandikanipun Gusti Allah tumrap pasadherekan, lan sapanunggalanipun.
Kadang-kadang ewah-ewahan punika dhateng kanthi cepet. Kadang-kadang, wonten ing laladan sanes, dhateng langkung alon. Nanging Gusti Allah sampun prasetya dhateng kita bilih manawi kita migunakaken sumber saking Panjenenganipun, Panjenenganipun BADHE ngewahi gesang kita.