Pitaken: Kadospundi kula saged ngungguli dosa ing salebeting gesang Kakristenan kula?
Wangsulan: Kitab Suci ngandika bab manut miturut dhateng sumber-sumber ing pundi kita kedah unggul saking karisakan kita:
(1) Roh Suci – Satunggaling peparing ingkang sampun kaparingaken Gusti Allah dhateng kita (gerejanipun Gusti Allah) satemah saged nggayuh kaunggulan ing gesangipun tiyang Kristen inggih punika Roh Suci. Gusti Allah mbentenaken padamelaning kadagingan sarta wohing Roh wonten ing Galatia 5:16-25. Ing perangan punika kita katimbalan supados lumampah ing salebeting Roh. “Sadaya tiyang pitados punika sampun sami kadunungan Roh Suci, nanging perangan ayat punika mratelakaken dhateng kita bilih kita kedah lumampah salebeting Roh, pasrah dhateng panuntuning Roh. Punika tegesipun milih langkung pasrah dhateng panyurunging Roh Suci ingkang makarya ing salebeting gesang katimbang nuruti pepenginaning katagingan kita”.
Bentenipun bilih Roh Suci saged damel gesanging tiyang pitados kados dene ingkang kapratelakaken ing gesangipun Petrus, ingkang saderengipun kapenuhan Roh Suci nyelaki Gusti Yesus kaping tiga, sarta sasampunipun punika piyambakipun carios bilih badhe ndherek Sang Kristus ngantos dumugining pejah. Sasampunipun kapenuhan, piyambakipun wicanten sacara blak-blakan lan saestu leres dhumateng tiyang Yahudi nalika Pentakosta.
Tiyang ingkang lumampah ing salebeting Roh boten badhe pasrah dhateng bab ingkang ngalang-alangi panyurunging Roh (“nyirep Roh” kados ingkang kacariosaken ing 1 Tesalonika 5:19) nanging kosokwangsulipun piyambakipun badhe kapenuhan Roh Suci (Efesus 5:18-21). Kadospundi punika kapenuhan Roh Suci? Wiwitanipun, Gusti Allah ingkang milih prastawa kados dene ing Prajanjian Lawas. Panjenenganipun milih pribadi sarta kadadosan ingkang katemtokaken ing Prajanjian Lawas kangge maringi pribadi kalawau Panjenengan-ipun milih kangge nyampurnakaken pakaryan ingkang dipun kersakaken katindakaken (Purwaning Dumadi 41:38; Pangentasan 31:3; Wilangan 24:2; 1 Samuel 10:10; lsp.). Kula pitados bilih wonten katerangan ing Efesus 5:18-21 lan Kolose 3:16 bilih Gusti Allah milih menuhi tiyang ingkang ngraosaken piyambak Pangandikanipun Gusti Allah minangka bukti saking kanyatan bilih akibat saking saben pangraos ing ayat-ayat punika samikemawon. Lajeng, punika mbeta kita dhateng sumber ingkang salajengipun.
(2) Sabdanipun Gusti Allah, Kitab Suci – 2 Timotius 3:16-17 nyariosaken bilih Gusti Allah sampun maringi kita Sabdanipun supados ngjangkepi anggen kita nindakaken bab ingkang sae. Mucal kita kadospundi gesang lan pitados dhateng punapa, punika saestu nyata tumrap kita manawi kita sampun milih margi ingkang lepat, punika mitulungi kita wangsul dhateng margi ingkang leres, sarta mitulungi kita gesang wonten ing margi punika. Kados dene ingkang kapratelakaken ing Ibrani 4:12, gesang kanthi kakiyatan ingkang ageng sarta saged rumesep ing manah kita kangge mbasmi bab-bab ingkang paling lebet ingkang pawicantenan sacara manungsa boten saged nglangkungi. Panyerat kitab Jabur carios bab ewah-ewahan kakiyataning gesangipun wonten ing Jabur 119:9,11,105 sarta ayat-ayat sanesipun. Yosua inggih ngandika bilih kuncining kamenanganipun ngatasi mengsah-mengsahipun (satunggaling pasemon tumrap paperanganing karohanen kita) punika boten nyupekaken sumber punika nanging langkung dhateng semedi (meditasi) ing wanci siang lan dalu satemah piyambakipun saged nglampahi. Punika ingkang dipun tindakaken, malah ing wekdal punapa ingkang kaparintahaken dening Gusti Allah dhumateng piyambakipun boten damel raos kaprajuritan, sarta punika inggih kuncinipun kamenanganipun ing paperangan-ipun tumrap Tanah Prajanjian.
Sumber punika biasanipun kita sepelekaken. Kita ngatingalaken pakurmatan kita sarana mbeta Kitab Suci kita ing gereja utawi maos renungan padintenan utawi maos satunggal bab saben dinten, nanging kita gagal ngapalaken utawi nggegilut sarta matrapaken ing salebeting gesang kita, ngakeni dosa kita kados ingkang dipun cariosaken ing pamaos kita kalawau. Kita asring kados tiyang boten purun nedha utawi kemaruk nalika kita ngadhepi Kitab Suci. Kita namung nggegilut sauntawis cekap kangge gesang karohanen kita lumantar “nedha saking Sabdaning Gusti Allah” mawi cara kesah dhateng gereja (nanging boten nate nggegilut kanthi cekap supados karohanen kita kiyat/sehat, saya mindhak sae