Menyang kontèn

Kaca:Wangsulan Pitaken-Pitaken Kitab Suci.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

manungsa, sarta salaminipun tiyang gesang ing salebeting dosa minangka tiyang pitados, piyambakipun boten badhe ngraosaken sesambetan ingkang dipun kersakaken Gusti Allah kaliyan manungsa. Mila saking punika, tiyang Kristen saged nggadhahi kamenangan ing atasipun perjuangan lumawan dosa awit saking sinau lan migunakaken Pangandikaning Gusti Allah (Kitab Suci) ing salebeting gesangipun, sarta dipun tuntun dening Roh Suci— inggih punika manut ing pangrehing Roh Suci lan katuntun ing sadaya kawontenan saben dinten, lan lumantar Roh Suci manut miturut ing Pangandikanipun Gusti Allah.

Mila, sanadyan kathah cara agama sanes mbetahaken bab ingkang tiyang mesthi nindakaken utawi boten nindakaken samukawis, Kakristenan inggih punika bab nggadhahi sesambetan kaliyan Gusti Allah. Kakristenan punika bab kapitadosan bilih Sang Kristus sampun seda ing kajeng salib kangge ngluwari dosa panjenengan piyambak, lan wungu malih. Utang dosa panjenengan kabayar lan panjenengan saged nggadhahi sesambetan kaliyan Gusti Allah. Panjenengan saged gadhah kamenangan ing atasipun dosa katurunan lan lumampah ing salebeting sesambetan sarta manut miturut ing Gusti Allah. Punika Kakristenan ingkang leres miturut Kitab Suci.