sumerepi jagad lan swarga sarta palados ing salebeting kawontenan ing kalanggengan sarana nitahaken swarga enggal lan jagad enggal. Ing wekdal punika, Panjenenganipun badhe mulihaken sesambetan ingkang sayektos sarana milujengaken manungsa. Kathah manungsa ingkang badhe kaadili miturut pandamelipun sarta kacemplungaken ing Segara Latu (Wahyu 20:11-15). Lan sarana punika ipat-ipating dosa badhe kasingkiraken; satemah boten badhe wonten dosa malih, kasisahan, sesakit, pejah, kasangsaran, lan sanesipun (Wahyu 21:4). Sarta para tiyang pitados badhe marisi sadayanipun; Gusti Allah badhe pinarak ing satengahing tiyang pracaya, lan para tiyang pracaya badhe dados para putraning Allah (Wahyu 21:7). Makaten, kita nglangkungi sadaya ingkang Gusti Allah titahaken tumrap kita supados kita tansah sesambetan kaliyan Panjenenganipun; dosaning manungsa, ngrisak sesambetan punika; Gusti Allah mulihaken sacara sampurna sesambetan punika ing kawontenaning kalanggeng-an sarana tetimbangan ingkang pantes dining Panjenenganipun. Sapunika, nglangkungi gesang kangge nggayuh punapa kemawon lan sadaya kemawon namung mejahi pepisahan saking Gusti Allah tumrap kalanggengan badhe dados langkung awon lan muspra! Nanging Gusti Allah sampung nyawisaken margi ingkang boten namung tumuju karahayon ingkang langgeng (Lukas 23:43), nanging ugi gesang punika damel marem lan migunani tumrap kasaenan. Sapunika, karahayon ingkang langgeng lan “swarga ing jagad” punika kagayuh?
GESANG KANG MIGUNANI KAPULIHAKEN LUMANTAR YESUS KRISTUS
Minangka pitedah ing inggil, teges saleresipun saking kekalihipun samangke sarta ing jaman kalanggengan kapanggihaken ing satunggaling pamulihan sesambetan kaliyan Gusti Allah ingkang sampun ical rikala Adam lan Hawa dhumawah ing dosa. Samangke, sesambetan kaliyang Gusti Allah namung saged nglangkungi Putranipun Allah, Yesus Kristus (Lelakune Para Rasul 4:12; Yokhanan 14:6; Yokhanan 1:12). Gesang langgeng saged katambahaken manawi manungsa nggetuni dosanipun (boten badhe nglajengaken malih tumindak dosa nanging kepengin Kristus ngewahi sarta ndadosaken pribadi ingkang enggal) lan wiwit sumendhe ing Yesus Kristus minangka Juruwilujeng (kula aturi mirsani pitaken “Punapa punika rancanganing kawilujengan?” minangka pitedah salajengipun wonten ing wedalan ingkang paling wigatos).
Samangke, teges ingkang saleresipun ing salebeting gesang boten dipun panggihi saestu namung pinanggih wonten ing Gusti Yesus minangka Juruwilujeng (sami endahipun kaliyan punika). Langkung saking punika, teges ing saleresipun ing salebeting gesang dipun panggihi rikala tiyang wiwit ndherek Kristus minangka sakabatipun, sinau bab Panjenengan-ipun, nelasaken wekdal kaliyan Panjenenganipun sarana Sabdanipun, Kitab Suci, sesambet-an kaliyan Panjenenganipun sarana pandonga, sarta lumampah kaliyan Panjenenganipun lumantar setya ing angger-anggeripun. Manawi panjenengan dereng pitados (utawi mbomenawi nembe pitados enggal) panjenengan mbokmenawi panjenengan ngudarasa tumrap panjenengan piyambak, “Iku dudu swara sing nyenengake utawa maremake tumrap aku!” Nanging sumangga maosa langkung dangu sakedik. Yesus ngandika kados ing ngandap punika: “He para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu. PasanganKu padha tampanana ing pundhakmu lan padha nggegurua marang Aku, awit Aku iki alur lan lembah ing budi, temahan kowe bakal padha oleh ayeming nyawamu. Amarga pasanganKu iku kepenak lan momotanKu iku entheng” (Matius 11:28-30). “Aku iki teka supaya wedhus-wedhus padha duwea urip, kanthi kaluberan” (Yokhanan 10:10b). “Manawa ana wong kang arep ngetut buri Aku, iku kudu nyingkur awake dhewe sarta manggula salibe lan melua Aku. Amarga sing sapa kumudu-kudu nylametake nyawane, iku bakal kelangan nyawane, nanging kang kelangan nyawane marga saka Aku, iku bakal nemu” (Matius 16:24-25). “Lan bungaha marga saka Sang Yehuwah, dadi kowe mesthi diparingi pepenginaning atimu” (Jabur 37:4).
Punapa ingkang dipun cariyosaken dening sadaya ayat kalawau inggih punika kita gadhah pilihan. Kita saged nglajengaken ngupados panuntun tumrap gesang kita piyambak (kanthi asil gesang ing kakosongan) utawi kita saged milih ngupados Gusti Allah sarta ingkang Panjenenganipun kersakaken tumrap gesang kita kanthi gumolonging manah (ing pundi badhe ngangsalaken gesang ingkang kaluberan, ngangsalaken pepenginaning manah, sarta manggih kabingahan lan kamareman). Sadaya punika wau amargi ingkang Nitahaken kita ngasihi kita sarta ngersakaken sadaya ingkang paling sae tumrap kita (boten cekap namung gesang ingkang gampil, nanging sanget migunani).
Minangka panutup, kula kepengin sesarengan ngrembag bab pasemon ingkang kaampil saking satunggaling kanca pandhita. Manawi panjenengan tiyang ingkang remen olah raga sarta netepaken badhe ningali tanding olah raga profesional, panjenengan saged mbayar sawetawis dolar lan panjenengan badhe pikantuk palenggahan ing barisan wingking ing inggil saking stadion punika utawi panjenengan saged ngrogoh sak lan nelasaken atusan dolar sarta panjenengan badhe pikantuk kursi ingkang sipatipun pribadi lan celak kaliyan lapangan tanding punika. Punika kados dene gesang Kakristenan. Migatosaken yeyasaning