Menyang kontèn

Kaca:Wangsulan Pitaken-Pitaken Kitab Suci.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Sabda iku nunggil karo Gusti Allah sarta Sang Sabda iku Gusti Allah. ... Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita” (Yokhanan 1:1, 14). Ing Yesus Kristus “kadunungan Kaallahan sawetahe kang kasarira” (Kolose 2:9).

Ing gesangipun Gusti Yesus ingkang nakjubaken, Panjenenganipun ngugemi sadaya angger-anggering Prajanjian Lawas kanthi sampurna sarta menuhi paweca bab Sang Mesias (Matius 5:17). Panjenenganipun nindakaken pakaryan ingkang kebak welas asih tanpa etangan sarta mujizat ing ngajenging tiyang kathah kangge mbuktekaken pangandikanipun lan ngandhut paseksi tumrap Kaallahanipun (Yokhanan 21:24-25). Lajeng, tigang dinten sasampunipun Panjenenganipun kasalib, wungunipun saking seda, kategesaken kanthi nyata dening atusan mripat ingkang nyeksekaken (1 Korinta 15:6). Cathetan sejarah kebak dening “bukti” bab sinten ta Yesus punika. Kados Rasul Paulus ngandika, “Sang Prabu ugi nguningani prakawis punika sadaya, awit saking punika kawula kalayan tatag saha tanpa tedheng aling-aling matur wonten ing ngarsanipun. Kawula yakin, bilih sadaya punika boten wonten satunggal kemawon ingkang dereng nate kapirengaken, awit prakawis punika boten kalampahan wonten ing panggenan ingkang kiwa” (Lelakone Para Rasul 26:26).

Kita mangertos bilih badhe tansah wonten tiyang gojag-gajeg ingkang gadhah pamanggihipun piyambak bab Gusti Allah sarta badhe maos miturut tandha. Lan badhe wonten sawetawis tiyang ingkang boten ngetang bukti supados ngyakinaken (Jabur 14:1). Sadaya kalawau ndhatengaken kapitadosan (Ibrani 11:6).