Gusti Allah ingkang suci?
Sadaya saking punika, Kitab Suci nyariosaken dhumateng kita bilih manungsa badhe mbucal seserepan bab Gusti Allah ingkang resik lan boten saged kaselaki sarta minangka gantosipun pitados ing pagorohan. Rum 1:25 mratelakaken, “Awitdene iya padha nglironi kayektene Gusti Allah kalawan barang pulasan, padha ngluhurake sarta ngabekti marang pepadhanging tumitah, nglalekaken marang kang nitahake, kang mesthine padha pinuji puji ing salawas-lawase. Amin.” Kitab suci ugi mratelakaken bilih manungsa tanpa dasar boten pitados ing Gusti Allah, “Awitdene kang ora katingal ana ing Gusti Allah, iya iku kakiyatane kang langgeng lan kaallahane, iku wiwit dumadine jagad bisa kasumurupan saka ing pakaryane, satemah wong-wong padha ora bisa diarani tanpa kaluputan” (Rum 1:20).
Manungsa ngugemi boten pitados ing Gusti Allah amargi “boten ilmiah” utawi “amargi boten wonten buktinipun.” Dasar ingkang leres inggih punika bilih tiyang ngakeni bilih Gusti Allah punika wonten, tiyang-tiyang wau inggih kedah sadhar bilih piyambakipun tanggeljawab dhateng Gusti Allah lan mbetahaken pangapunten saking Gusti Allah (Rum 3:23; 6:23). Manawi Gusti Allah wonten, lajeng kita kedah tanggeljawab punapa ingkang kita tindakaken tumrap Panjenenganipun. Manawi Gusti Allah boten wonten, lajeng kita saged tumindak punapa kemawon ingkang kita kepengini tanpa kuwatos bab paukumaning Gusti Allah dhumateng kita. Kula pitados bilih saking punika ewah-ewahan kiyat sanget anggenipun kacepengi dening kathah masyarakat kita – nyukani manungsa pilihan bab kapitadosan tumrap Gusti Allah ingkang nitahaken sadayanipun. Gusti Allah wonten lan wekasanipun sadaya tiyang sumerep bilih Panjenenganipun punika wonten. Kasunyatanipun bilih sawetawis tiyang ingkang nyelaki wontenipun Gusti Allah punika saleresipun arupi satunggaling tanggapan tumrap wontenipun Gusti Allah.
Keparenga kula ngaturi satunggal tanggapan ingkang pungkasan tumrap wontenipun Gusti Allah. Kados pundi kula sumerep bilih Gusti Allah punika wonten? Kulo sumerep bilih Gusti Allah punika wonten awit kula matur dhumateng Panjenenganipun saben dinten. Kula boten mirengaken suwantening Panjenenganipun paring wangsulan dhateng kula, nanging kula ngraosaken peparingipun, kula ngraosaken panuntunipun, kula ngraosaken sihipun dhumateng kula, kula kepengin panglipuranipun. Bab-bab ingkang sampun kelampahan ing gesang kula ingkang boten badhe wonten katerangan kajawi saking Gusti Allah. Gusti Allah sampun sacara elok sanget anggenipun paring karahayon dhumateng kula lan nggantosi gesang kula ingkang boten saged kula pitulungi kajawi ngakeni lan memuji wontenipun Gusti Allah. Boten wonten satunggal-satunggala saking tanggapantanggapan punika salebeting lan saking manungsa piyambak saged ngujuk-ujuki sok sintena ingkang nolak ngakeni punapa ingkang sacara prasaja sampung cetha. Pungkasanipun, wontenipun Gusti Allah kedah katampi sarana kapitadosan (Ibrani 11:6). Kapitadosan ing Gusti Allah punika sanes untung-untungan ingkang ngawur, punika langkah ingkang aman tumuju panggenan ingkang padhang ing pundi 90% tiyang sami sumadya.