Pitaken: Punapa Gusti Allah punika wonten? Punapa wonten buktinipun bab wontenipun Gusti Allah?
Wangsulan: Punapa Gusti Allah punika wonten? Kula saestu katarik bilih kathah sanget kawigatosan ingkang kasokaken dhateng bebantahan bab punika. Panelitian ingkang pungkasan nyariosaken dhateng kita bilih langkung saking 90% tiyang ing sajagad ing wek-dal punika pitados wontenipun Gusti Allah utawi wontenipun kakiyatan ingkang langkung inggil. Nanging, kadospundia tanggeljawabipun kapasrahaken dhateng sinten kemawon ingkang pitados bilih Gusti Allah punika wonten kaliyan kadospundi mbuktekaken bilih Gusti Allah punika saestu wonten. Kangge kula, kula kinten kedah mangertos cara sanes.
Nanging, wontenipun Gusti Allah boten saged kabuktekaken punapa dene kaselaki. Dene Kitab Suci nyariosaken bilih kita kedah nampi kanthi pitados saestu bilih Gusti Allah punika wonten, “Nanging manawa tanpa pracaya mokal yen ndadekake keparenging Allah. Jalaran sing sapa sowan marang ngarsane Gusti Allah iku kudu pracaya manawa Gusti Allah iku ana, sarta maringi ganjaran marang wong kang padha temen-temen ngupaya marang Panjenengane” (Ibrani 11:6). Manawi Gusti Allah ngersakaken, Panjenenganipun saged miyos kanthi gampil sarta mbuktekaken dhateng salumahing jagad bilih Panjenenganipun wonten. Nanging manawi makaten, kapitadosan punika boten badhe kabetahaken malih. “Pangandilane Gusti Yesus: “Amarga kowe wus ndeleng Aku, temah kowe kumandel. Rahayu wong kang padha ora ndeleng nanging kumandel” (Yokhanan 20:29).
Punika boten ateges, kadospundia, bilih boten wonten bukti wontenipun Gusti Allah. Kitab Suci nerangaken, “Langit nyaritakake kamulyaning Allah, sarta akasa mratelakake yeyasane astane, rina ngluhurake pawarta iku ganti gumanti, lan wayah bengi medharake kawruh ganti gumanti. Ora ana pawarta lan ora ana tembung, ora keprungu swarane” (Jabur 19:1-4). Sumangga panjenengan mirsani lintang-lintang, mangertos bab jembaring jagad, ngamat-amati kaelokaning alam, ningali endahing pletheking surya – sadaya punika wau mratelakaken wontenipun Gusti Allah ingkang yeyasa. Manawi punika dereng cekap, ugi cetha wontenipun Gusti Allah ing salebeting manah kita piyambak. Kohelet 3:11 nyariosaken dhateng kita, “... malah atine padha kaparingan kalanggengan ...”
Minangka tambahan tanggapaning Kitab Suci bab wonteninpun Gusti Allah, wonten tanggapan sacara nalaring manungsa. Ingkang kapisan, inggih punika tanggapan ontologis. Rancangan ingkang kawentar piyambak saking tanggapan ontologis dasaripun migunakaken rancanganing Gusti Allah kangge mbuktekaken wontenipun Gusti Allah. Kawiwitan sarana tetepaning Gusti Allah kados dene “bilih pundi ingkang boten langkung ageng saged dipun mangertosi.” Bab punika lajeng dipun tanggapi bilih wonten langkung ageng katimbang boten wonten, lan awit saking punika ingkang ageng piyambak saged dipun mangertosi kedah wonten.
Manawi Gusti Allah boten wonten lajeng Gusti Allah boten badhe dados dipun mangertosi ingkang paling ageng – nanging punika badhe ndadosaken bebantahan bab pangertosaning Gusti Allah. Ingkang kaping kalih inggih punika tanggapan teologis. Tanggapan teologis bilih saking wiwitan jagad ngalingalaken kados satunggaling rancangan kaelokan, ing ngriku mesthi satunggaling rancangan Kaallah-an. Contonipun, manawi donya ajeg atusan mil langkung celak utawi langkung tebih saking surya, punika boten badhe saged nyanggi gesangingpun samangke. Manawi kawontenan ing atmosfir ajeg benten sawetawis persen titik, saben ingkang gesang ing donya badhe pejah. Pepalang saking molekul protein tunggal kabentuk sacara kaleresan inggih punika 1 ding 10243 (punika 10 dipun kantheni 243 O’s). Sel tunggal awujud saking mayuta-yuta molekul protein.
Tanggapan ingkang pinanggih ing nalar ingkang kaping tiga tumrap wontenipun Gusti Allah inggih punika kasebat tanggapan kosmologis. Saben pituwas mesthi wonten sababipun. Jagad punika sarta sadaya bab ing lebetipun punika satunggaling pituwas. Mesthi wonten ingkang murugaken samukawis sanesipun punika wonten. Bab ingkang “tanpa-sabab” inggih punika Gusti Allah. Tanggapan ingkang kaping sekawan inggih punika kasumurupan minangka tanggapan kasusilan. Saben kabudayan nglangkungi sejarah ingkang nggadhahi kathah bentuking ukum. Saben tiyang gadhah pangraos bab leres lan lepat. Mejahi, ngapusi, nyolong, sarta tumindak tanpa kasusilan sacara umum badhe katolak. Saking pundi pangraos leres lan lepat punika dhateng manawi boten saking