Neraka, kadosdene swarga, boten namung wonten ing pratelan kemawon, nanging Kasunyatan, lan saestu nyata, panggenan. Panggenan ing pundi kasangsaran badhe kaalami tanpa kendhat, dukaning Gusti Allah kang langgeng. Para tiyang wau badhe nahan pangraos, mental, lan panyiksaning badan, ngraosaken kasangsaran saking raos isin, getun, lan jijik.
Neraka katerangaken kadosdene luweng ingkang tanpa dasar (Lukas 8:31, Wahyu 9:1), lan segantening latu, mbakar mawi welirang, ing pundi warganing jagad badhe nglampahi dinten panyiksan sarta dalu salami-laminipun (Wahyu 20:10). Ing salebeting neraka, ing mrika badhe wontenipun panangis lan keroting untu, dados pratanda kasedihan ingkang sanget lan kanepson (Matius 13:42). Punika satunggaling panggenan “ing pundi cacing boten nate pejah lan latu boten nate sirna” (Markus 9: 48). Gusti Allah boten mundhut wekdal kangge seneng-seneng salebeting teleng palimengan punika, nanging ngersakaken para tiyang supados wangsul malih saking margining kajahatan satemah saged gesang (Yeheskiel 33:11). Nanging Panjenenganipun boten badhe meksa kita supados miturut; manawi kita milih nolak Panjenenganipun, Panjenenganipun kagungan pilihan sakedhik ingkang kaparingaken kita punapa ingkang kita kepingini – gesang dados bagianing Panjenenganipun.
Gesang ing jagad punika satunggaling ujian – cecawisan kangge wekdal ing ngajeng. Tumrap tiyang pitados, punika gesang langgeng wonten ing sacelakipun Gusti Allah. Lajeng kadospundi kita nindakaken kasaenan lan saged nampeni gesang langgeng punika? Namung wonten satunggal margi – lumantar kapitadosan sarta kayakinan wonten ing Putraning Allah, Yesus Kristus. Gusti Yesus tumuli ngandika, “Iya Aku ini patangen lan kauripan, sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati. Lan sok wonga kang urip sarta pracaya marang Aku, iku ora bakal mati ing salawas-lawase. Kowe apa pracaya marang iku?” (Yokhanan 11:25-26).
Peparing gesang langgeng punika kasadiyakaken kangge sadaya tiyang, nanging punika mbetahaken panyelakan diri kita tumrap pakaremaning kadonyan lan ngurbanaken diri katur Gusti Allah. “Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iya nduweni urip langgeng, nanging sing sapa ora mituhu marang Sang Putra, iku bakal ora weruh ing urip, nanging malah langgeng anggone kataman ing bebenduning Allah” (Yokhanan 3:36). Kita boten badhe kaparingan wekdal kangge mratobat saking dosa kita sasampunipun pejah karana yen kita pepanggihan aben ajeng kaliyan Gusti Allah, kita boten badhe gadhah pilihan kajawi namung pitados dhumateng Panjenenganipun. Panjenenganipun ngersakaken kita sowan wonten ing ngarsanipun kaliyan pitados lan ngasihi sapunika. Manawi kita nampeni sedanipun Yesus Kristus dados pangruwating dosa lumawan lan mbalela dhumateng Gusti Allah, kita mesthi kajamin boten namung gesang migunani ing jagad, nanging ugi gesang salaminipun rumaket ing Sang Kristus.
Manawi panjenengan kepengin nampeni Yesus Kristus dados Juruwilujeng panjenengan, punika wonten satunggaling conto pandonga. Enget, ngucapaken pandonga punika utawi pandonga sanes boten badhe milujengaken panjenengan. Namung pitados dhumateng Kristus ingkang saged milujengaken panjenengan saking dosa. Pandonga punika cara ingkang prasaja kangge nelakaken dhumateng Gusti Allah menggah kapitadosan ing Panjenenganipun lan pamaturnuwun dhumateng Panjenenganipun tumrap kawilujengan panjenengan. “Duh Gusti, kawula rumaos bilih kawula sampun dosa lumawan dhumateng Paduka lan kawula pantes kaukum. Nanging Yesus Kristus sampun nanggel paukuman ingkang pantes kawula tanggel satemah lumantar kapitadosan ing Panjenenganipun kawula saged kaapunten. Kawula wangsul malih saking dosa kawula lan masrahaken kapitadosan kawula dhumateng Panjenenganipun kangge kawilujengan. Maturnuwun menggahing karahayon lan pangapunten Paduka – peparing ing gesang langgeng! Amin!”
Punapo panjenengan sampun damel pancasan tumprap Kristus sarana punapa ingkang sampun panjenengan waos? Menawi sampun, sumangga klik wonten ing seratan “Kula sampun nampi Kristus dinten punika” ing ngandap.
Wangsul ing lembaran basa Jawi
Punapa wonten gesang sasampunipun pejah?