Kaca:Tunas Semi.pdf/67

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Nanging beda karo guritan kapisan. guritan kapindho iku temane religius. Guritan sing dicipta karana si panggurit kepengin nganakake "komunikasi" kaso Sang Khalik.

Wis ngono bae. Aku ora arep ndedawa rembug. Aku pengin nantang sliramu. Apa sliramu temen-temen pengin nulis guritan? Yen iya, ayo nulisa saiki! Nulisa miturut kabisanmu, miturut daya kreativitas lan imajinasimu. Yen wis dadi, tulisan iku arep kokkapakk, karepmu. Arep nyoba dikirim ing majalah kena, disimpen uga apik. (Sssst, ing Ngayogyakarta kene ana majalah "Pagagan". Kirimen mrana. Insya Allah diemot!)

Loro

Ngeni peso, ta? Peso ing pawon gunane kanggo rajang-rajang. Yen duweke tukang jagal digunakake kanggo ngiris daging. Peso sing tansah digunakake lan diasah bakal katon gilap lan landhep. Suwalike, landhepa kayangapa, yen ora nate dienggo, mung dislempitke ing gapit gedheg, tundhone bakal tiyengen- karaten.

Nah, pikiranku lan pikiranmu uga kaya peso iku. Yen era nate digunakke kanggo mikir, pikiran malah dadi kethul. Kareben mikir, aku lan sliramu butuh tantangan. Perlu ngadhepi perkara sing sipate isih semu siningid. Ora cetha wela-wela. Ora nglegena. Ora telanjang. Saiki ing ngarepmu ana tantangan: tantangan gawe guritan, sawise (banget) sethithik ngerti apa lan kepiye guritan iku. Piye?

Ngendikane Mas Suryanto Sastroatmodjo, yen pengin ngarang aja nggugu gugon tuhon. Ayo

57