Kaca:Tunas Semi.pdf/63

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AYO NULIS GURITAN
(Sing ngajak Turiyo Ragilputra)


Nulis guritan? Pengin nulis guritan? Sapa pengin nulis guritan? Poer Adhie Prawoto nate kandha, nulis guritan iku gampang. Arswendo Atmowiloto ngendika "mengarang itu gampang"?

Siji

Ing kene, aku ora ngrembug utawa rembugan panemu ing dhuwur mau. Miturut sliramu, nulis guritan iku gampang apa angel? Yen aku entuk urun panemu, nulis guritan gampang-ganipang angel (dijungkir uga kena: angel-angel gampang!) Milih siji endi, mangga. Sing terang, wong arep nulis guritan iku becike (kudu) ngerti hakekate karya sastra genre guritan.

Karana aku ora nemokake pangerten gegayutan karo hakekate guritan, becik dakaturake "apa hakekate" puisi - sawijine karya sastra sing nduweni "bongkot pucuk" memper guritan. Ing bukune "Teori dan Apresiasi Puisi", Dra. Ny. Raminah Baribin nulisng ene, "Puisi berarti ucapan yang dibangun; maksudnya ucapan yang tidak langsung." Meres teges sajroning ukara iku, guritan bisa ditegesi karya sastra sing diwangun kanthi basa 'sandi', tembung-tembung isyarat, kebak idiom-idiom sastra kanthi ancas cinipta sawijine karya sastra sing ora mung endah, nanging uga ngandhut nilai-nilai unifersal.

Dhuh, angel ditegesi ya? Wis becike ngene bae: guritan iku karya sastra Jawa sing isine pengin kandha "mengkene" nanging olehe ngomongake malah kanthi

53