Kaca:Tunas Semi.pdf/35

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Sunarta

PAK KARDI

Pak Kardi setaun kepungkur dadi kuli
saiki kebak bandha kang mrahanani
tangga teparo padha nyekseni
dheweke duwe barang kang nyubriyani

ujud bocah gundhul
menyang ngendi tansah gumandhul
yen wus tekan nuli ucul
yen bali nggawa emas sawakul

Pak Kardi, Pak Kardi......
marga gebyaring kadonyan
kowe nyebal saka kanyatan
nembus alam setan kebak kanisthan
kang nyingkirake saka kaswargan
kabeh ngerti kowe urip mulya
ranging mulya saka umbaring angkara
kang nggawa kabegjan donya
nyeret menyang dalane nraka

25