Menyang kontèn

Kaca:Tjangkriman Basa Djawa Nganggo Tembang.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

6
14. Andina sakétja lenggah,
angaḍep warana adi,
anengenaken koembaja,
ingoempakan isi warih,
astanira kang kéring,
moeng baoe ingkang kadoeloe,
ing kanan ngasta saja,
tjineloebaken ing warih,
sinolahken neng wrana atilar tilas.
15. Sakétja dènira lenggah,
asikep sandjata loewih,
piser toempoek datan tebah,
sakapraboning ngadjoerit,
hjang Brama moengging apti,
jèkoe lawanira poepoeh,
saksana pinandoekan,
piser wangsoel angenani,
nanging sangkin mawèh dajaning sarira.
16. Satrija adarbé garwa,
anging dèn dirihi kapati,
marga saben jèn kapedak,
tanpa dosa amisakit,
dadya tan sanding-sanding,
jèn tan ingoendang dèn oewoeh,
pinrih mardi asmara,
toehoe lanang tanpa kardi,
jèn ana prang garwané mangsah ing rana.
17. Wonten wanodya joe éndah,
awisma anèng djaladri,
saben-saben jèn akrama,
tansah winajoeh ing laki,
ngrabèni pada sidji,
nora nana ingkang ajoen,
soeprandéné sang retna,
jèn pinegat déning laki,
sakèh maroe ingéwanan lakinira.
18. Tjinatoer doesta lilima,
loemampah arsa mamaling,
papat woes mandjing babahan,
ing wisma tinoedjwèng kapti,
sadjroning wantjak soedji,
kang kari noeli anoesoel,
anoetoepi babahan,
kang nèng djro katjepeng sami,
pinedjahan rah mili saking babahan.