RASOEL PAOEL MARANG
TITOES
1 Lajangkoe Paoel, abdiné Allah lan rasoelé Jésoes Kristoes moerih pratjajané para pilihané Allah lan pangawroeh ing kajektèn kang noentoen marang kamoersidan,
2 atas saka pangarep-arep ing kaoeripan langgeng, kang sadoeroengé poerwaning djaman woes kaprasetyakaké déning Allah kang ora dora,
3 nanging ing mangsa kang pinesți nglairaké pangandikané srana oendang-oendang kang dipitajakaké marang akoe saka dawoehé Allah Pamarta kita,
4 toemekaa marang Titoes, anakkoe kang saloegoe jekti awit saka toenggal pratjaja, sih-rahmat lan palimirma toewin tentrem rahajoe anaa ing kowé saka Allah Rama lan Goesti Jésoes Kristoes Pamarta kita.
5 Moelané kowé daktinggal ana ing poelo Krété, soepaja noetoegna mranata kang doeroeng rampoeng, sarta ngadegna pinitoewa ana ing saben-saben negara, kaja kang woes dakpréntahaké marang kowé,
6 ija ikoe menawa ana wong kang tanpa tjatjad, arabi sidji, kang anaké pada lakoe pratjaja lan ora kena diterka bab blèndèran oetawa dableg.
7 Awit kang djeneng djoeroe pamomong ikoe koedoe tanpa tjatjad, dikaja kang mengkoe ing padalemané Allah. Adja koemawasa, adja brangasan, adja karem ngombé anggoer, adja demen kerengan, adja ngasil-asil.
8 Nanging kang dangan awèh pamondokan, demen ing kabetjikan, doega-doega, adil, soetji, soemirih,
9 kang ngantepi ing pangandika kang satoehoe mitoeroet ing wewoelang, soepaja ketjonggaha mitoetoeri nganggo woelang kang moerni lan melèhaké marang wong kang madoni.