Menyang kontèn

Kaca:Timotéoes.pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
LAJANG KIRIMAN SAKA RASOEL PAOEL MARANG

TIMOTÉOES

KANG KAPINDO


BAB 1.
1--2. Adangijah.

1 Lajangkoe Paoel, rasoelé Jésoes Kristoes awit saka karsané Allah mitoeroet ing prasetyané oerip kang ana ing Kristoes Jésoes,

2 toemekaa marang Timotéoes, anakkoe kekasih, sih-rahmat lan palimirma toewin tentrem rahajoe saka Allah Rama lan Kristoes Jésoes Goesti kita.

3--14. Pepéling moerih kaantepan.

3 Akoe saos sokoer marang Allah, kang dakbektèni ngleloeri para leloehoer klawan roemasaning ati kang resik, sadjroné akoe tansah ngélingi kowé ing pandongakoe rina lan wengi.

4 Samasa akoe kélingan enggonmoe mbrebes-mili, banget kangenkoe bisaa ketemoe marang kowé soepaja akoe kapenoehana ing boengah.

5 Marga akoe ngélingi ing pratjajamoe kang teroes ing ati, kaja kang maoené doemoenoeng ana ing embahmoe Lois lan ing iboemoe Euniké, mangka akoe nemtokaké jèn ana ing kowé oega.

6 Moelané ikoe kowé dakélingaké, soepaja nenangia peparinging sihé Allah kang ana ing kowé srana katoempangan tangankoe.

7 Awitdéné kang diparingaké déning Allah marang kita ikoe doedoe rohing kadjirihan, nanging Rohing kasantosan lan ing katresnan sarta ing pamengkoe.

8 Kang ikoe kowé adja isin neksèni bab Goesti kita, lan adja isin moenggoeh akoe kang dadi lelarané, malah mèloea nandang sangsara krana Indjil mitoeroet ing kakoewatan kang saka ing Allah,

9 kang woes mitoeloengi rahajoe marang kita sarta nimbali kita klawan timbalan kang soetji, ora mitoeroet saka panggawé kita, nanging saka panakdiré pijambak lan saka sih-rahmat kang woes kaparingaké marang kita ana ing Kristoes Jésoes sadoeroengé poerwaning djaman,

10 déné ing samengko woes kalairaké marga saka ngetingalé Pamarta kita Jésoes Kristoes, kang woes njirnakaké pati sarta nggijaraké oerip lan kalanggengan srana Indjil.

11 Mangka akoe iki kang kapatah ngoenḍangaké minangka dadi tjetjala lan rasoel sarta goeroené bangsa kapir.