Menyang kontèn

Kaca:Timotéoes.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

tanpa sisip, ditanpa tjatjad, kongsi toemeka ngetingalé Goesti kita Jésoes Kristoes,

15 kang bakal dibabaraké ing waktoené kang pinesți déning kang Maharahajoe lan kawasa pijambak, Ratoené para ratoe, Goestiné para goesti,

16 kang kagoengan gesang langgeng pijambak sarta kedaton ana ing padang kang ora kena pinerakan, kang ora taoe dinoeloe ing wong, sarta ija ora kena dinoeloe, Pandjenengané kang sajogja kagoengan kaloehoeran lan wisésa langgeng. Amin.

17 Para wong soegih ana ing donja mengko pitoetoerana, adja pada koemloengkoeng, adja ngandelaké kasoegihan kang owah gingsir, nanging pada koemandela marang Allah kang asipat gesang, kang loebèr enggoné peparing samoebarang marang kita soepaja kaenggoa.

18 Konen pada mbebetjiki, disoegih panggawé oetama, pada dangana dedana lan wèwèh,

19 temah pada nando amal kang minangka pawitan kang prajoga kanggo ing tembé, soepaja pada olèha oerip kang sanjata.

20 Hé, Timotéoes, titipan kang ana ing kowé ikoe reksanen. Éwaa marang tjatoeré wong pasèk kang kotong lan marang bebantahané ilmoe doratjara.

21 Sawenèhing wong marga ngoegemi marang ikoe temah pada goemiwang saka ing pratjaja.

Sih-rahmat noenggila ing kowé.

Amin.