1 Para batoer sepira kang pada katrapan ing pasangan, ikoe ngadjènana marang bendarané déwé klawan kaoermatan sapatoeté, soepaja Asmané Allah lan wewoelang adja kongsi kaalakaké.
2 Déné kang doewé bendara panoenggalané kang pratjaja, ikoe adja njoeda hoermaté marang bendarané maoe doemèh dadi pepadané sadoeloer, malah moendaka nemen pasoewitané, marga kang nampani ing panggawé betjik ikoe pada wong kang pratjaja lan kekasih.
3 Prakara ing doewoer maoe woelangna lan gawénen ngélingaké. Menawa ana wong kang nggelaraké piwoelang sédjé, ora ngantepi ing pangandikané Goesti kita Jésoes Kristoes kang moerni, lan ing wewoelang kang njondongi marang kamoersidan,
4 ikoe wong koementoes, ora mangerti apa-apa, kepatoeh demen bebantahan lan reboet soewala, kang moeng noewoehaké drengki, padoe, pangala-ala, pandakwa doersila,
5 regedjeganing wong kang roesak boediné, kang kontjatan kawroeh ing kajektèn, pada doewé panjana jèn kamoersidan ikoe dadi pangasilan. Wong mengkono ikoe singkirana.
6 Dasar ija kamoersidan ikoe pangasilan gedé jèn kanți ati marem.
7 Awitdéné ora ana gegawan kita apa-apa ing donja iki, woes tetéla jèn enggon kita tinggal ija pada ora bisa nggawa apa-apa.
8 Nanging menawa pada doewé sanḍang-pangan, kita pada marema semono baé.
9 Balik wong kang arep dadi soegih ikoe pada toemiba ing panggoda lan ing kala, apadéné ing pepénginan roepa-roepa kang tanpa pikir lan neniwasi, kang ngèremaké wong marang bilai lan karoesakan.
10 Amarga ambek karem banda ikoe witing saroepaning piala, sawenèhing wong marga kapéntjoet marang ikoe temah pada kesasar njimpang saka ing pratjaja, sarta pada nenoewek awaké déwé klawan perih akèh.