11 Nanging randa kang nonoman ikoe pada toelaken. Awit menawa ngoedja ing kabiraèn mèngèng saka Sang Kristoes, bandjoer pada arep laki,
12 temahan kena ing kaloepoetan, marga pada njingkoer ing sesanggemané kang dingin.
13 Kang sarta ngiras pada matoeh lelandja ing omah-omah klawan nganggoer, lan ora ngamoengaké nganggoer baé, malah ija moenḍak tjriwis lan dahwèn, ngoetjap-oetjapaké kang ora patoet.
14 Kang ikoe karepkoe ranḍa nonoman soepaja pada lakia, anak-anaka, mengkoea omah, lan adja pada awèh daḍakaning pangala-ala marang satroe.
15 Dasar wis ana sawenèh kang pada mbalik ngetoet-boeri marang iblis.
16 Menawa ana wong lanang oetawa wadon kang pratjaja kanggonan randa, ikoe nggoematènana ing randa maoe, sarta pasamoean adja kongsi kabotan ing pangroematé, soepaja bisaa nggoematèni marang para randa kang lola.
17 Para pinitoewa kang pened pangrèhé ikoe diwadjibna ing kaoermatan tikel, loewih manèh kang pada nindakaké pitoetoer lan pamoelang.
18 Sabab ana wiraosé Kitab mengkéné: Sapi kang lagi dienggo noetoe ikoe adja sira brongsong tjangkemé, lan Wong kang njamboet gawé ikoe patoet olèh boeroehané.
19 Adja nampani panggoegat marang kang djeneng pinitoewa, kedjaba menawa ana seksiné loro oetawa teloe.
20 Kang pada nglakoni dosa ikoe welèhna ana ing ngarepané kabèh, soepaja kang lijané ija pada doewéa wedi.
21 Pitoetoerkoe satemen-temené ana ing pangajoenané Allah lan Goesti Jésoes Kristoes toewin para malaékat kang sinelir: Prakara ikoe maoe tetepana ditanpa soedjanan, lan adja nglakoni seḍéngah apa kang nganggo pilih kasih.
22 Adja kesoesoe noempangi tangan marang wong, lan adja kongsi ngoeboeng-oeboengi ing dosaning lija. Awakmoe déwé reksanen sing resik.
23 Adja mbandjoer ngombé banjoe tok. Nanging ngombéa anggoer satiṭik krana waḍoekmoe lan enggonmoe kerep lara.
24 Dosané wong sawenèh ikoe waḍèh, ketélaké nḍingini ing pangadilan. Sawenèh ija ana kang ketélaké ing boeri.
25 Ora béda moenggoeh panggawé betjik ija ana oega kang waḍèh, mangka kang ora mengkono ikoe ija ora bisa kaling-kalingan.