Menyang kontèn

Kaca:Timotéoes.pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

pasèk lan wong goegon-toehon ikoe tampiken, nggegoelanga ing kamoersidan.

8 Sabab panggoelanging badan ikoe paédahé moeng satitik. Nanging kamoersidan ikoe maédahi bab samoebarang kabèh, oedjer kadoenoengan prasetya moenggoeh oerip kang samengko lan kang tembé.

9 Ikoe pitoetoer kang satoehoe lan wadjib pisan dioegemi.

10 Awit ija ikoe toedjoené enggonkoe pada nglakoni pagawéan kang rekasa lan trima diwewada, marga pada ndoewèni pangarep-arep marang Allah kang asipat gesang, kang dadi Pamartané wong kabèh, malah-malah kang pada pratjaja.

11 Prakara ikoe maoe préntahna lan woelangna.

12 Adja ana kang medjanani kanomanmoe, malah dadia toelaḍa marang para kang pratjaja moenggoeh ing pitoetoer, ing tingkah-polah, ing katresnan, ing pratjaja, ing kasoetjen.

13 Ngantepana enggonmoe matjakaké lan ngéling-élingaké sarta memoelang nganti satekakoe.

14 Adja nganggoeraké peparinging sih kang ana ing kowé, enggonmoe kaparingan srana pameḍar wangsit klawan ditoempangi tangan déning sapepaké para pinitoewa.

15 Kang mengkono ikoe perlokna lan toengkoelana, soepaja tetélaa oenḍakmoe marang wong kabèh.

16 Diawas marang awakmoe déwé lan marang wewoelang. Prakara ikoe andemana, awit menawa nglakoni mengkono, kowé bakal mitoeloengi ija marang awakmoe déwé, ija marang kang pada ngroengokaké ing pitoetoermoe.


BAB 5.
1--16. Bab wong toewa lan randa.

1 Wong kaki-kaki menawa kowelèhaké, adja koserengi, nanging élingna dikaja marang bapa, para wong lanang nonoman dikaja marang sadoeloer,

2 para wong nini-nini kaja marang bijoeng, para wong wadon nonoman ija kaja marang sadoeloer, nganggoa ati soetji sasampoernané.

3 Moenggoeh para randa ikoe kang dasar pada lola adjènana.

4 Nanging menawa ana salah-sidjiné randa kang doewé anak oetawa poetoe, ikoe pada sinaoea nandoekaké kamoersidan dingin marang koelawangsané déwé, males kabetjikan marang para toewa-toewa. Déné ikoe kang pened lan ketrimah ana ing ngarsané Allah.

5 Balik moenggoeh randa kang lola lan ketrini ikoe doewé pangarep-arep marang Allah, sarta ngantepi ing pamoedji lan pandonga rina-wengi.

6 Nanging kang djibar-djiboer ikoe woedjoedé oerip, satemené mati.

7 Prakara ikoe ija préntahna, soepaja pada tanpa tjatjad.

8 Nanging menawa ana wong kang ora nggoematèni marang koelawangsané déwé, loewih manèh brajaté, ikoe dadi woes njingkoer ing pratjaja, alané ngloewihi wong kang ora pratjaja.

9 Randa kang kapatjak ing pèngetan ikoe koedoe kang oemoeré ora koerang saka sewidak taoen, kang maoené laki moeng sepisan,

10 kang kaseksènan panggawéné betjik, kajata: nggoela-wentah anak, demen awèh pamondokan, ngwisoehi sikilé para soetji, tetoeloeng wong kesrakat, tjekaké merlokaké sedéngah panggawé betjik.