Menyang kontèn

Kaca:Timotéoes.pdf/4

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

ngombé anggoer, ora ngasil-asil.

9 Kang ngoegemi ing wewadining pratjaja sadjroning roemasaning ati kang resik.

10 Para djoeroe pamoelasara ikoe ija pada katètèra dingin. Sawoesé mengkono pada mandjinga gawé ngladèni, menawa ketemoe tanpa tjatjad.

11 Kang wadon mengkono oega koedoe kang kadjèn, kang ora demen mitenah, kang waras ing boedi, kang toememen ing samoebarang.

12 Para djoeroe pamoelasara ikoe koedoe kang rabi sidji, kang prajoga enggoné ngerèh marang anak-anaké lan sabrajaté déwé.

13 Awitdéné kang woes betjik enggoné nglakoni boeboehan pamoelasara, ikoe temah awaké déwé diolèhaké dradjat lan kakendelan akèh sadjroning pratjaja marang Kristoes Jésoes.

14 Prakara ikoe maoe dakpatjak ing lajang marang kowé, sanadyan pangarep-arepkoe bisaa énggal nekani kowé.

15 Nanging menawa ana ranḍaté, kowé soepaja soemoeroepa keprijé wadjibing paripolahé wong ana ing padalemané Allah, ija ikoe pasamoeané Allah kang asipat gesang, kang minangka sesaka lan pikoekoehé kajektèn.

16 Sanjata linoehoer wewadiné kamoersidan kang mengkéné: Pandjenengané kang woes ngetingal ana ing daging, woes kaleresaké marga déning Roh, katingalan déning para malaékat, kawartosaké ana ing antarané para oemat, kapratjaja ana ing djagad, ikoe woes kasengkakaké marang kamoeljan.


BAB 4.
1--5. Bab pamoertad ing djaman wekasan.

1 Nanging ana pangandikané Roh kang tjeța, jèn ing djaman wekasan bakal ana wong sawenèh kang pada moertad ninggal pratjajané, manoet ing para roh kang nasaraké lan piwoelangé para demit,

2 marga saka lamisé wong doratjara, kang pada ketjirèn roemasaning atiné déwé kaja nganggo tjap wesi bang,

3 pada menging laki-rabi, akon njirik bangsané pangan, kang katitahaké déning Allah soepaja dipangana klawan saos sokoer déning para kang pratjaja lan kang ngawroehi ing kajektèn.

4 Awitdéné saroepaning titahé Allah ikoe betjik, ora ana kang tampikan, angger ditampani klawan saos sokoer

5 marga kasoetjèkaké srana pangandikané Allah lan pandonga.

6--16. Pepéling marang Timotéoes bab koewadjibané djoeroe pamomong.

6 Kowé menawa nggelaraké prakara ikoe maoe marang para sadoeloer, dadi prajoga pangabdimoe marang Jésoes Kristoes, nganggo kaingonan ing pitoetoering pratjaja lan wewoelang oetama kang woes koleloeri ikoe.

7 Nanging dongéng-dongéngé wong