Menyang kontèn

Kaca:Timotéoes.pdf/3

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

ngoendangaké minangka dadi tjetjala lan rasoel, -- toetoerkoe ikoe satemené ana ing Kristoes, akoe ora goroh, -- dadi goeroené bangsa kapir bab pratjaja lan kajektèn.

8 Kang ikoe karepkoe wong lanang soepaja pada ndedongaa ana ing saenggon-enggon klawan ngoeloekaké tangan kang soetji, adja nganggo sereng oetawa pepadoe.

9--15. Pranatan bab wong wadon ana ing koempoelan ibadah.

9 Mengkonoa oega para wong wadon diklawan menganggo kang patoet, kanția ambek wirangan lan djetmika enggoné pada memaèsi awak, adja nganggo klabangan lan mas oetawa moetyara apadéné sandangan adi-adi,

10 nanging -- dikaja sapatoeté wong wadon, kang pada ngakoe ngabekti ing Allah, -- srana panggawé oetama.

11 Wong wadon ikoe nampanana piwoelang klawan anteng, nganggoa soemoejoed saoetamané.

12 Wong wadon ora dakwenangaké memoelang, lan adja mengkoe marang kang lanang, nanging dianteng polahé.

13 Awitdéné Adam kang katitahaké dingin, toemoeli Chawa.

14 Lan doedoe Adam kang kena ing panggoda, nanging wong wadon kang kena ing panggoda nemahi panerak.

15 Déné bakalé kapitoeloengan ra- hajoe ikoe marga saka enggoné pada anak-anak, anggeré pada ngantepi ing pratjaja lan katresnan toewin kasoetjèn kanti djetmika.


BAB 3.
1--16. Bab boeboehan ing pasamoean (djoeroe pamomong lan djoeroe pamoelasara).

1 Iki temboeng kang satoehoe menawa ana wong kang ngarah boeboehan djoeroe pamomong, ikoe nggajoeh marang pagawéan kang adi.

2 Moelané djoeroe pamomong ikoe koedoe tanpa tjatjad, kang rabi sidji, waras ing boedi, doega-doega, patoet lakoené, dangan awèh pa- mondokan, baoed memoelang,

3 kang ora karem ngombé ang- goer, ora demen kerengan, nanging Sarèh lan roekoenan, ora karem banda,

4 kang prajoga enggoné ngerèh brajaté déwé, lan merdi njoejoedaké anak-anaké klawan wingit ing sa- patoeté.

5 Jèn ta wong kang ora tjakep ngerèh brajaté déwé, keprijé enggoné bakal momong marang pasamoeané Allah?

6 Adja wong anjaran, soepaja adja nganti dadi angkoeh temahan toe- miba ing oekoemané iblis.

7 Apamanèh ija koedoe kaseksènan betjiké déning wong ing djaba, soepaja adja kena diwewada lan toemiba ing kalané iblis.

8 Mengkono manèh para djoeroe pamoelasara ija koedoe kang kadjèn, kang ora ilat rangkep, ora karem