12 Akoe saos sokoer marang Kristoes Jésoes Goesti kita kang ngoewataké akoe, déné akoe iki dianggep toememen nganti kaparingan boeboehan,
13 akoe kang maoené dadi wong ngala-ala, ngoeja-oeja lan nganiaja. Nanging akoe woes karentahan palimirma, awit panggawékoe ikoe maoe saka bodokoe sadjroning pamaido.
14 Malah sih-rahmaté Goesti kita ikoe nganti keloewih-loewih kanți pratjaja lan katresnan kang ana ing patoenggilané Kristoes Jésoes.
15 Iki temboeng kang satoehoe lan wadjib pisan dioegemi, jèn rawoehé Kristoes Jésoes ing djagad ikoe mitoeloengi rahajoe marang wong dosa, panoenggalané akoe iki kang gedé déwé.
16 Nanging moelané akoe karentahan palimirma, soepaja Jésoes Kristoes nélakna katoging kasabarané ana ing akoe kang gedé déwé dosakoe, dadia pangilon marang wong kang bakal pada pratjaja marang Pandjenengané temah olèh oerip langgeng.
17 Ratoené sakèhé alam, kang langgeng kawontenané, kang ora ketingal, Allah kang witjaksana pijambak, kasaosana panoewoen lan pangalembana langgeng ing salawasé. Amin.
18 Hé, anakkoe Timotéoes, kowé dakpatah préntah iki mitoeroet ing soerasané wangsit kang woes kawedaraké ingatasé kowé ing maoené, soepaja marga saka ikoe kowé nglakonana prang kang oetama
19 klawan ngantepi ing pratjaja lan roemasaning ati kang betjik. Sawenèh ana kang woes mbéngkas marang ikoe, temahan pada kélangan pratjajané kaja wong keremoekan praoe.
20 Panoenggalané kajata: Himenéoes lan Aleksander, kang woes dakpasrahaké marang iblis, soepaja pada kapoka enggoné ngala-ala.
1 Kang dingin déwé pitoetoerkoe, wong pada njaosna panjoewoen, pandonga, pamoedji, lan pamoedji sokoer toemrap ing wong kabèh,
2 toemrap ing para ratoe lan sakèhé para préntah, soepaja oerip kita bisaa tentrem lan ajem, kanti lakoe kang ibadah lan patoet ing sedéngaha patrap.
3 Awitdéné ikoe kang pened lan ketrimah ana ing ngarsané Allah Pamarta kita,
4 kang kagoengan karsa wong kabèh soepaja kapitoeloengana rahajoe lan pada njandaka marang pangawroeh ing kajektèn.
5 Sabab Allah ikoe sidji, sarta Pantawisé Allah lan manoesa ija sidji: Sang Manoesa Kristoes Jésoes,
6 kang woes masrahaké sarira minangka paneboes kanggo wong kabèh, ija ikoe kang dadi paseksi ing mangsa kang woes pinesți,
7 mangka akoe iki kang kapatah