Menyang kontèn

Kaca:Timotéoes.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

oega lajang-lajangé, kang perloe déwé kang wloelang.

14 Aleksander krija ikoe akèh panggawéné ala marang akoe, Goesti bakal malesaké ing sapanggawéné.

15 Kowé oega mékanana marang wong ikoe, awit banget enggoné woes mrandangi ing pitoetoerkoe.

16 Nalika akoe ngoendjoekaké pandjawab kang sepisan, ora ana kang ngembani prakarakoe, nanging kabèh pada ninggal marang akoe. Moega adja nganti pada katempoehaké.

17 Nanging Goesti kang mitoeloengi sarta njantosakaké akoe, soepaja enggonkoe nggelaraké Indjil dakrampoengaké babar-pisan, karoengoea déning sakèhé wong kapir. Karodéné akoe woes diloewari saka tjangkemé singa.

18 Ija Goesti kang bakal ngloewari akoe saka saroepané panggawé djoeti, sarta ngreksa marang akoe nganti saleboekoe ing kratoné ing swarga. Pandjenengané kaloehoerna langgeng ing salawasé. Amin.

19--22. Salam pandonga lan pamoedji slamet.

19 Salam pandongakoe maranga Priska lan Akwila toewin brajaté para sadoeloer pada kirim salam Onésiforoes.

20 Érastoes kari ana ing Korinta, lan Trofimoes daktinggal lara ana ing Milété.

21 Kowé merlokna teka sadoeroengé mangsa atis. Euboeloes, Poedènta, Linoes, Klaudia lan sakèhé marang kowé.

22 Goesti Jésoes Kristoes moega noenggila ing soekmamoe. Sih-rahmat noenggila ing kowé.

Amin.