srana pratjaja marang Kristoes Jésoes.
16 Saisiné Kitab ikoe kabèh kawangsitaké déning Allah, sarta maédahi kanggo pamoelang, pamelèh, pambangoen, lan panggoela-wențah ing bab lakoe bener,
17 soepaja wongé Allah dadia sampoerna, samektaa marang saroepané panggawé oetama.
1 Kang ikoe pitoetoerkoe satemen-temené ana ing ngarsané Allah lan Goesti Jésoes Kristoes, kang bakal ngadili wong oerip lan wong mati besoek samasa ngetingalé lan djoemenening kratoné:
2 kowé nggelarna pangandika ikoe, dangan ora dangan antepana. Melèhna, njrengenana, mitoetoerana klawan sabar sarèh sakatogé kanți pamoelang.
3 Amarga bakal ana mangsané wong pada ora betah ngroengokaké ing piwoelang kang moerni ikoe, nanging pada ngloempoekaké goeroe ing sakakaremané déwé, marga pada gatel koepingé,
4 sarta bakal pada ngéngokaké koepingé saka ing kajektèn, mbalik marang dongèng-dongéng.
5 Balik kowé ikoe diwaras ing boedi moenggoeh ing sabarang prakara, mbetahna sangsara, nglakonana pagawéané djoeroe Indjil. Pangabdimoe ikoe gentoerna saoetamané.
6 Sabab moenggoeh akoe iki selak diesok getihkoe kagawé koerban, woes ndoengkap waktoené pangoekoedkoe.
7 Akoe woes nglakoni taroeng kang oetama, woes noetoegaké plajoené balapan, woes ngantepi ing pratjaja.
8 Wasanané akoe woes ginantoengan makoeṭaning kabeneran, kang bakal diparingaké marang akoe ing dina ikoe déning Goesti kang djoemeneng hakim kang adil. Toer ora ngamoengaké marang akoe baé, malah oega marang sakèhé wong kang tjetjengkloengen ing bakal ngetingalé.
9 Kowé merlokna nekani akoe diénggal.
10 Sabab Démas woes ninggal akoe, marga nḍemeni donja mengko, bandjoer loenga menjang ing Tessalonika, Krèskènta menjang tanah Galati, Titoes menjang tanah Dalmati.
11 Moeng Loekas kang ana ing akoe. Markoes ampirana lan adjaken bareng salakoemoe, marga akèh gawéné ing ngatasé akoe moenggoeh ing ajahan.
12 Tichikoes dakkongkon menjang ing Efesoes.
13 Ridong kang daktinggal ana ing panggonané Karpoes ing Troas, ikoe satekamoe gawanen, mengkono