Menyang kontèn

Kaca:Timotéoes.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

26 sarta pada éling manèh ing kaanané déwé, oewal saka kalané iblis, saka enggoné woes diwisaja kapoerih nglakoni ing sakarepé.


BAB 3.
1--9. Bab bakal pamoertadé wong ing djaman wekasan.

1 Wroehanamoe jèn ing djaman wekasan bakal ana mangsa kang rekasa,

2 awitdéné wong akèh bakal pada watek èpèh, karem banda, oembag, koemingsoen, demen njatoer ala, wangkal marang wong toewa, ora doewé panrima, ora maèloe ing agama,

3 kamitégan, ngenḍem sengit, demen mitenah, ngoembar ing pepénginan, sija-sija, éwa ing kabetjikan,

4 tjidra, sembrana, koementoes, milaoer roemaket ing pakareman katimbang karo tresna marang Allah,

5 pada réwa-réwa ibadah, nanging ora nganggep ing sawabé. Wong kang mengkono ikoe ija singgahana.

6 Awit déné panoenggalané ikoe ana kang pada njlimpet loemeboe ing omah-omah, ngempèk-empèk atiné wong wadon kang pada kabotan dosa lan kagèndèng ing kapéntjoet roepa-roepa.

7 Kang tansah pada nggegoeroe, nanging salawasé ora bisa njanḍak marang kawroehing kajektèn.

8 Anadéné pada kaja Jannès lan Jambrès enggoné nglawan marang Moesa, mengkono oega wong ikoe maoe ija pada nglawan ing kajèktèn. Wong kang roesak boediné, kang pratjajané dadi tampikan.

9 Nanging wong ikoe bakal pada ora bisa toeloes, marga kapoenggoengané bakal ketélak marang wong kabèh, ija kaja kadadéané wong loro maoe.

10--4:5. Pepéling marang Timotéoes moerih ngantepi ing piwoelang kang moerni.

10 Balik kowé ikoe woes pada ngleloeri marang akoe moenggoeh ing wewoelang, ing solah-bawa, ing sedya, ing pratjaja, ing kasabaran, ing katresnan, ing kaantepan,

11 ing kinoeja-koeja lan kasangsara, kaja kang woes dakalami ana ing Antiochi, ing Ikoni lan ing Listra. Pangoeja-oeja kaja apa baé woes dakbetahaké, mangka Goesti woes ngentasaké akoe saka ikoe kabèh.

12 Ija dasar wong kabèh kang nedya oerip klawan ngabekti ing Allah ana ing patoenggilané Kristoes Jésoes, ikoe mesți pada nemahi dikoeja-koeja.

13 Déné moenggoeh wong ala lan wong tjoelika ikoe pada bakal saja ndadra alané, pada mblitoek lan dibeblitoek.

14 Nanging moenggoeh kowé ikoe ngantepana apa kang woes koge goelang lan woes kooegemi, oedjer kowé soemoeroep olèhmoe nggegoelang ikoe saka sapa,

15 sarta jèn tjilik moela kowé woes weroeh ing Kitab Soetji, kang bisa ngolèhaké kapinteran marang kowé toemeka ing karahajon kang