12 Moelané ikoe akoe ija nandang kang kaja mengkéné iki, nanging akoe ora isin. Amarga akoe woes soemoeroep sapa kang dakandelaké, lan akoe nemtokaké jèn Pandjenengané ikoe kawasa ngreksa titipankoe kongsi toemeka ing dina ikoe.
13 Tepané pangandika kang rahajoe kang woes koroengoe saka akoe, ikoe antepana klawan pratjaja lan katresnan kang ana ing patoenggilané Kristoes Jésoes.
14 Titipan kang adi ikoe reksanen marga déning Roh Soetji kang doemoenoeng ana ing kita.
15 Kowé woes weroeh jèn wong kang ana ing tanah Asi kabèh woes pada njingkoer marang akoe, panoenggalané kajata Figeloes lan Hèrmogenès.
16 Moega Goesti karsaa nggandjar sih-palimirma marang brajaté Onésiforoes, awit déwèké woes asring ngledjaraké atikoe, sarta ora isin enggonkoe karanté.
17 Malah nalika tekané ing Roem, tlatèn enggoné nggolèki akoe kongsi ketemoe.
18 Moega-moega Goesti marengaké nemoe sih-palimirma saka Pangéran bésoek ing dina ikoe. Karodéné kaja apa enggoné ngladèni ana ing Éfesoes ikoe kowé déwé loewih terang.
1 Anadéné kowé anakkoe, disantosa doemoenoengmoe ing sih-rahmat kang ana ing Kristoes Jésoes.
2 Lan apa kang woes koroengoe saka akoe ana ing antarané seksi akèh, ikoe pitajakna marang wong kang toememen, kang pada ketjonggah memoelang marang wong lijané oega.
3 Mèloea nandang sangsara kaja pradjoerit kang oetama abdiné Jésoes Kristoes.
4 Pradjoerit ikoe ora ana kang mèloe-mèloe ing bab pratikelé pangoepadjiwa, soepaja ketrimaa marang kang mboeroehaké kanggo ing prang.
5 Mengkono manèh menawa ana wong kang ngleboni sajembara, ikoe mesti ora nganti karengga ing makoetan, menawa ora netepi pranatané sajembara.
6 Wong among tani kang nglakoni kangèlan, beneré ikoe kang mangan pametoené dingin.
7 Mangertia ing pitoetoerkoe, déné Goesti kang bakal maringi pangerti marang kowé ing samoebarang prakara.
8 Elinga jèn Jésoes Kristoes kang saka trahé Dawoed woes kawoengokaké saka ing antarané wong mati, kaja soerasané Indjilkoe,
9 kang dadi djalarané enggonkoe