LAJANG KIRIMAN SAKA RASOEL PAOEL MARANG TIMOTÉOES KANG KAPISAN
1 Lajangkoe Paoel, rasoelé Jésoes Kristoes saka timbalané Allah Pamarta kita lan Goesti Jésoes Kristoes kang dadi pangarep-arep kita,
2 toemekaa marang Timotéoes, anakkoe kang saloegoe jekti moenggoeh ing pratjaja, sih-rahmat lan palimirma toewin tentrem rahajoe saka Allah Rama lan Kristoes Jésoes Goesti kita.
3 Kaja kang woes dadi wekaskoe marang kowé nalika akoe mangkat menjang ing tanah Makedoni, soepaja kowé mbatjoeta ana ing Éfesoes, perloené menging marang wong sawenèh adja nganti nggelaraké piwoelang sédjé,
4 ija adja maèloe marang dongèng-dongèng lan marang sedjarah-sedjarah kang ora ana djoeḍegé, kang moendak marahi bebantahan katimbang karo ndadèkaké pambangoening pratjaja kang saka ing Allah.
5 Mangka kang dadi toedjoené pepatjak ikoe katresnan kang saka ing ati resik, ija saka roemasaning ati kang oetama lan saka pratjaja kang teroes ing batin.
6 Ana sawenèhing wong kang pada goemiwang saka ikoe, njlèwèng marang tjatoer kang kotong,
7 pada arep dadi goeroené angger-angger, mangka ora denger apa kang dioetjapaké lan kang digagahi
8 Anadéné akoe pada soemoeroep jèn angger-angger ikoe betjik, angger dienggo ing sabeneré.
9 Rak woes kaweroehan ta jèn angger-angger ikoe enggoné kapatjak ora kanggo wong oetama, moeng kanggo wong kang moerangsarak lan moerangkara, wong mblasar lan wong dosa, wong abangan lan wong pasèk, wong kang nganiaja bapa-bijoeng, kang matèni wong,
10 kang lakoe djina, djindik, dagang wong, wong doratjara, wong nerak soepata, lan salija-lijané kang njoelajani ing piwoelang kang moerni
11 mitoeroet Indjiling kaloehoerané Allah kang rahajoe, kang kapitajakaké ing akoe.