Menyang kontèn

Kaca:Tessalonika.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
LAJANG KIRIMAN SAKA RASOEL

PAOEL MARANG PASAMOEAN ING TESSALONIKA

LAJANG KANG KAPINDO
BAB 1.
1--12. Adangijah lan pamoedji sokoer toewin pandonga.

1 Lajangkoe Paoel lan Silwanoes toewin Timotéoes, toemekaa marang pasamoeané wong ing Tessalonika kang ana ing patoenggilané Allah Rama kita lan Goesti Jésoes Kristoes.

2 Sih-rahmat lan tentrem rahajoe anaa ing kowé saka Allah Rama kita lan Goesti Jésoes Kristoes.

3 Akoe paḍa koewadjiban tansah saos sokoer marang Allah bab ing ngatasé kowé para sadoeloer, ija kaja ing sapatoeté, marga pratjajamoe moenḍak-moendak banget, sarta kowé kabèh enggonmoe pada tresna-tinresnan ikoe saja woewoeh-woewoeh,

4 nganti akoe déwé ija pada ngalembana marang kowé ana ing sakèhé pasamoeané Allah, bab ing ngatasé kaantepan lan koemandelmoe sadjroning sakèhé pangoejaoeja lan panganiaja kang pada kobetahaké.

5 Ija ikoe kang mratandani patitising pangadilané Allah, dimèn kowé pada kaanggep sembada marang kratoné Allah, kang ija dadi kranané enggonmoe pada nanḍang sangsara.

6 Awit rak woes sabeneré moenggoeh ing Allah malesaké panganiaja marang wong kang pada nganiaja kowé,

7 sarta kowé kang dikaniaja pada kawales ajem bareng karo akoe, bésoek samasa kebabaré Goesti Jésoes saka ing swarga ginarebeg ing bala-tantrané para malaékat,

8 kairing geni moeroeb, bakal ndawoehaké pamales toemrap ing sakèhé wong kang ora ngidep marang Allah lan ora ngèstokaké ing Indjilé Goesti kita Jésoes Kristoes.

9 Ikoe bakal pada nandang siksa karoesakan langgeng, kapisah saka wedanané Goesti lan saka kamoeljaning kawasané,

10 bésoek samasa Pandjenengané rawoeh bakal kaloehoeraké ana ing para soetji kagoengané, lan dadi pangéram-éram ana ing antarané sakèhé wong kang woes pada pratjaja ing dina ikoe. Sabab paseksikoe marang kowé ikoe woes kapratjaja.

11 Ija ikoe maoe kang dadi toedjoené enggonkoe tansah pada ndongakaké kowé, moega Allah kita karsaa nganggep kowé sembada marang enggonmoe pada katimbalan, lan njampoernakaké klawan santosa seḍéngaha kasenenganmoe marang kabetjikan lan panggawéning pratjajamoe,

12 soepaja Asmané Goesti kita Jésoes Kristoes kaloehoerna ana ing kowé, lan kowé mengkonoa oega ana ing Pandjenengané, awit saka sih-rahmaté Allah kita lan Goesti Jésoes Kristoes.