10 Awit ija mengkono tandoekmoe marang sakèhé para sadoeloer ing satanah Makedoni kabèh. Moeng pangatag-atagkoe marang kowé para sadoeloer, soepaja kowé saja moendaka manèh ing bab ikoe,
11 lan soepaja pada merlokna djetmika sarta ngopèni prakaramoe déwé, toewin njamboet gawé klawan tanganmoe déwé, kaja enggonkoe woes pada mréntahaké marang kowé,
12 soepaja patoeta srawoenganmoe karo wong ing djaba lan adja ana boetoehmoe apa-apa.
13 Anadéné para sadoeloer, karepkoe kowé adja pada ketamboehan bab ingatasé para kang woes ngadjal, soepaja kowé adja ngroedatin kaja wong lijané kang pada ora do ewé pangarep-arep.
14 Sabab menawa kita pada ngoegemi jèn Jésoes woes séda lan woes woengoe, mesti ija mengkono oega Allah enggoné bakal nekakaké para kang woes ngadjal ikoe marga déning Jésoes bareng lan Pandjenengané.
15 Awitdéné atas saka dawoehé Goesti akoe pada pitoetoer ing kowé, jèn panoenggalan kita kang bakal pada kari menangi rawoehé Goesti, mesti bakal ora nḍingini kang woes pada ngadjal ikoe.
16 Sabab Goesti pijambak bakal toemeḍak saka ing swarga kanți tengara swarané malaékat panggedé lan kalasangkané Allah, noeli para kang mati ana ing patoenggilané Kristoes bakal pada tangi dingin.
17 Sawoesé mengkono kita sepira kang kari oerip bakal pada kapoeloeng bareng karo kang mentas tangi maoe ana ing méga, metoekaké Goesti menjang ing awang-awang. Mengkono sabandjoeré kita bakal paḍa noenggal klawan Goesti ing salawasé.
18 Kang ikoe kowé pada lipoer-linipoera klawan temboeng ing doewoer maoe.
1 Anadéné para sadoeloer, moenggoeh mangsané lan wajahé ora soesah kowé dipratélani,
2 marga kowé woes pada soemoeroep déwé klawan terang, jèn moenggoeh dina rawoehé Goesti ikoe tekané kaja maling ing wajah bengi.
3 Awit samasa wong pada ngoetjap: saiki tentrem, ora ana bebaja, toemoeli djleg, pada ketekan bilai, oepamané kaja wong meteng dadakan nglarani, mangka bakal pada ora pisan ngontjati.
4 Balik kowé ikoe para sadoeloer, pada ora ana ing pepeteng, jèn ngantia kowé pada kebledjog ing dina ikoe kaja tekaning maling.
5 Kowé kabèh pada ahlining pepadang, ija ahlining raina. Kita pada ora kebawah ing wengi oetawa ing pepeteng.
6 Kang ikoe kita adja pada toeroe