Punika pemut kala inggahipun Bekel ringgit Atmasantana sapanunggilanipun, marengi ing dinten Senen Pahing tanggal kaping 26 wulan Rabingulawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 18 Desember taun 1854 Angka 569.
Punika pemut kala Kangjeng Pangera sowan lumebet ing Kedhaton, sampun Pon tanggal kaping 27 wulan Rabingulawa kaping 19 Desember ‘taun 1854 Angka 569.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar kalih putra Dalem, saha Klangenan Dalem, kepethuk lelang pasowan laji Paresidenan ingkang kidul, marengi ing dinten Rebo Wage, tanggal kaping 28 wulan Rabingulawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 20 Desember taun 1854 Angka 570.
Punika pemut kala nyengkeri paksi dara jawi ulesipun warni-warni, marengi ing dinten Kemis Kliwon, tanggal kaping 29 wulan Rabingulawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 21 Desember taun 1854 Angka 570.
Punika pemut kala nampehi sabin ing Katandhan, karya 1 jung, marengi ing dinten Jumungah Legi, sareng nampeni sabin lelintonan saking prajurit, tanggal kaping 1 wulan Rabingulakir, ing taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 22 Desember taun 1854 Angka 570.
Punika pemut kala tetepipun Nyahi Lurah Sedhanama, sareng kalihyan Bedhaya Tamanan sakpanunggilanipun, sareng malih Tuwan Pon Semit Hup Pan Altensetap lumebet ing Kadhaton, bab badhe nyuwun ngonjot siti ing Kebonagung, marengi ing dinten Senen Wage, tanggal kaping 4 wulan Rabingulakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 25 Desember taun 1854 Angka 570.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngijab Kalangenan Dalem Bandara Raden Retnadiningrum, marengi ing malem Slasa Kliwon, Slasanipun anglujengi nyekawani, nggenipun bobot garwa Dalem Kangjeng Ratu, sareng kalih maringaken barang-barang dhateng ing Ngangin-angin, sontenipun anglujengi nggangsali nggenipun bobot Bandara Raden Retnadini ngrum, sareng kalih Tuwan Perstih lumebet ing Kedhaton, bab siti ing Kajiwan sampun rampung, tanggal kaping 5 wulan Rabingulakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 26 Desember taun 1854 Angka 570.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar kalih Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, sarta putra Dalem, mampir dhateng pagriyanipun
92