Punika pemut kala tetepipun Ketip Tamin pun Ngusman, sareng kalih Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Mangkubumen, tuwi nggenipun kagungan putra-putri, marengi ing dinten Senen Wage tanggal kaping 28 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 20 Nopember taun 1854 Angka 568.
Taksih ing dinten Senen Wage Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton kalihyan Tuwan Pandhita, sarta ngandika yen siti ing Gegerbajing sakpanunggilanipun sadaya ampas ing Naraprajan, dipun paringaken ing Kangjeng Sampeyan Dalem sangking astanipun Kangjeng Gupernemen, sarta sampun angsal beselit, sampun pitung wulan.
Punika pemut kala nacaraken putra Dalem Kangjeng Bendara Raden Hajeng Gusti Sukapjaleka Retna Supirah, sareng kalih maringaken wangkingan pusaka dhateng putra Dalem Bandara Raden Ngabehi, Kangjeng Kyahi Tambuh, putra Dalem Bandara Raden Mas Samakun, Kangjeng Kyahi Panukup, sami dados pusakanipun, kalih maringaken wangkingan dhateng Raden Bagus Saiman, marengi ing dinten Slasa Kliwon tanggal kaping 29 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 21 Nopember taun 1854 Angka 568.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng pagriyanipun tuwan Promtoko, kalih putra-putra Dalem, para Bandara-Bandara Klangenan Dalem, marengi ing dinten Rebo Legi, tanggal kaping 30 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 22 Nopember taun 1854 Angka 568.
Punika pemut kala nampeni wiwit tumbas dhateng Tuwan Prom, marengi ing dinten Kemis Pahing, tanggal kaping 1 wulan Rabingulawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 23 Nopember taun 1854 Angka 568.
Punika pemut kala Klangenan Dalem Raden Murtejaresmi, kalih Raden Mandayaresmi, minggat dhateng jawi, marengi ing malem Jumungah Pon, tanggal kaping 2 wulan Rabingulawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 24 Nopember taun 1854 Angka 568.
Punika pemut kala Nyonyah Asselman ingkang rayi Kangjeng tuwan Residen, babar medal jaler, marengi ing dinten Jumungah Pon tanggal kaping 2 wulan Rabingulawal taun Dal taun 1783, utawi tanggal kaping 24 Nopember 'taun 1854 Angka 568.
Punika pemut kala Raden Hayu Brangtakusuma ing Surakarta, marak lumebet dhateng Kadhaton, kalih Ratu Bandara, Raden Hajeng Werkis, marengi ing
89
89