Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar, awit karsanipun putra Dalem Kangjeng Bendara Raden Hajeng Gusti Putri Sukapjinah, marengi ing dinten Saptu Legi tanggal kaping 5 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 28 Oktober taun 1854 Angka 566.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton, bab rawuhipun Tuwan Litnan Jendaral De Stir, marengi ing dinten Ngahad Pahing tanggal kaping 6 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 29 Oktober taun 1854 Angka 566.
Punika pemut kala pangalihipun gupon puter, marengi ing dinten Senen Pon tanggal kaping 7 wulan Sapar taun Dal 1783 utawi tanggal kaping 30 Oktober taun 1854 Angka 566.
Punika pemut kala dhatengipun Tuwan Litnan Jendral De Stir Kumendham prajurit sadaya, marengi ing dinten Slasa Wage tanggal kaping 8 wulan Sapar taun Dal 1783 utawi tanggal 31 Oktober taun 1854 Angka 566.
Punika pemut kala Tuwan Litnan Jendral De Stir lumebet ing Kadhaton mbekta ajidanipun sarta putranipun, saha Kangjeng Tuwan Residen, sareng kalih dhatengipun Kangjeng Pangeran Hadipati Hangabehi ing Surakarta, dhateng nagari Ngayugyakarta kaping 11, marengi ing dinten Rebo Kliwon tanggal kaping 9 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 1 Nopember taun 1854 Angka 566.
Punika pemut kala main kumidhi kaping 3, marengi ing malem Kemis Legi, Kemisipun enjing tetepipun dados abdi Dalem tukang kareta, sak panunggilanipun sadaya tanggal kaping 10 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 2 Nopember taun 1854 Angka 566.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhahar pista dhateng ing Nglaji Paresidenan, bab badhe konduripun Kangjeng Tuwan Jendral, marengi ing malem Jumungah Pahing, tanggal kaping 11 wulan Sapar taun Dal 1783 utawi tanggal kaping 3 Nopember taun 1854 Angka 566.
Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Hadipati Hangabehi sowan Lumebet ing Kadhaton, mawi mubeng-mubeng dhateng Panepen, Kabumen, marengi ing dinten Ngahad Wage, tanggal kaping 13 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 5 Nopember taun 1854 Angka 566.
Punika pemut kala ngalihipun nama Raden Lurah Sasrareja nama Raden Lurah Padmakusuma sakpanunggilanipun marengi ing dinten Senen Kliwon.
87