wangkingan, sareng malih ndhawahaken bab tamanten, marengi ing dinten Slasa Kliwon, saha sareng malih maringi pasalin rasukan baskap, dhumateng abdi Dalem Wadana Lurah Punakawan, tanggal kaping 24 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 17 Oktober taun 1854 Angka 565.
Punika pemut kala kagungan Dalem ringgit purwa dipun paringaken dhateng Raden Wadana Jayadiwirya, marengi ing malem Rebo Legi tanggal kaping 25 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 18 Oktober taun 1854 Angka 565.
Punika pemut kala lebetipun serat nuwala sangking Surakarta nyumbang pakramanipun Kangjeng Pangeran Hariya Timur, marengi ing dinten Kemis Pahing tanggal kaping 26 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 19 Oktober taun 1854 Angka 565.
Punika pemut kala Tuwan Kaptin Helmres lumebet ing Kadhaton, nyaosi terima kasih, sontenipun Nyonyah Jansen lumebet ing Kadhaton, bab siti ing mandira, nyuwun ngonjot marengi ing dinten Jumungah Pon, tanggal kaping 27 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 20 Oktober taun 1854 Angka 565.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji Paresidenan, wiyosanipun taunan Kangjeng Tuwan Residen, marengi ing malem Ngahad Kliwon, Ngahadipun enjing Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng kadanurejan, kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, saha Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, tuwi nggenipun netesaken ingkang putra Raden Hajeng Aminah, tanggal kaping 29 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 22 Oktober taun 1854 Angkat 565.
Punika pemut kala ngintunaken serat Nglaji, bab Raden Tumenggung Nitinagara, serang pocotipun gebayan nigaya pun Onang-Onang Manis, marengi ing dinten Senen Legi tanggal kaping 30 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 23 Oktober taun 1854 Angka 565.
Punika pemut kala Tuwan Pan Den Bereh lumebet ing kadhaton, bab panuwunipun nyambut ing Yudanagaran, kalih piyagemipun Tuwan Suwahpin ing Kanayan, utawi malih bab serat atur-aturan ing Kadhaton, marengi ing dinten Rebo Pon tanggal kaping 2 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 25 Oktober taun 1854 Angka 565.
Punika pemut kala Tuwan Sepek kados sagawon mayangi, marengi ing dinten Jumungah Kliwon, tanggal kaping 4 wulan Sapar taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 27 Oktober taun 1854 Angka 565.
86