Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/92

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Kangjeng Sampeyan Dalem mawi miyos basiyar, marengi ing malem Kemis Pon, Kemisipun enjing Tuwan Helmres lumebet ing Kadhaton nyuwun nyambut kareta, badhe dipun damel dhateng Salatiga imah-imah, sareng magangipun putra ing Mangkubumen Raden Mas Murteja, wedhi kengser, tanggal kaping 12 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 5 Oktober taun 1854 Angka 564.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Suryanagaran, tuwi nggenipun nyupitaken, marengi ing malem Septu Kliwon tanggal kaping 14 wulan Mukharam taun Dal 1783 utawi tanggal kaping 7 Oktober taun 1854 Angka 564.

Punika pemut kala nampeni sabin, 4,5 jung, ampasipun Raden Tumenggung Nitipraja, ing Gunturgeni 1 jung, Sapuangin 1 jung, Ngalang-alangan 1 jung, bedhilan 1 jung, Bongos 0,5 jung, marengi ing dinten Ngahad Legi tanggal kaping 15 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 8 Oktober taun 1854 Angka 564.

Punika pemut kala lebitupun nuwala wewangsulsangking Surakarta bab pakramanipun Kangjeng Pangeran Hariya Timur, marengi ing dinten Slasa Pon tanggal kaping 17 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 10 Oktober taun 1854 Angka 564.

Punika pemut kala nyirami Kangjeng Riyahi Hageng sakpanunggilanipun, marengi ing dinten Kemis Kliwon tanggal kaping 19 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 12 Oktober taun 1854 Anga 564. Punika pemut kala Tuwan Tirko lumebet ing Kadhaton bab prakawis piyagem sarta yatra pakurmatan siti ing Bulus sak panunggilanipun, sareng kalih ngajalipun Raden Tumenggung Nitipraja Bupati Jaksa pensiyun, marengi ing dinten Ngahad Pon tanggal kaping 22 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 15 Oktober 1854 Angka 565.

Punika pemut kala pocotipun Jajar Tukang pun Gunamiruda kalih ringgit punggawa Atmapringga, sareng wedalipun Raden Atmasuparta dados Demang Redi Kidul, sareng malih tetepipun Panji Dhaeng Panji Nitireja, pun Jayasadana, marengi ing dinten Senen Wage tanggal kaping 23 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 16 Oktober taun 1854 Angka 565.

Punika pemut kala Tuwan Lussi tukang kreta wiwit dhateng Sasradipuran, Prakawis kareta, sareng kalih miwiti nyerat kagungan Dalem serat wau

85